Tembang macapat
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34–35 dari 57
158–159 dari 241
1.580–1.589 dari 2.402
| 34.044 | Ngabèi Singawadana | sampun prapta ing Jurangpalwa nênggih | Arya Mandura tinutur | wau ayun angrunjang | Jasupănta alon dènira amuwus | lah apa karane gagal | nora ngrunjang iku wingi || |
| 34.045 | lah ta ing wêruhanira | gèn sun tugur kakang wontên ing ngriki | karsa dalêm kang sinuhun | Ki Arya Jasupănta | nulya bubar saking ing Jurangparau | wong Mataram samya liwat | mantuk dhatêng ing Matawis || |
| 34.046 | Jasupănta sampun prapta | pan wus katur solahira ing nguni | awon lawan awonipun | katur dhatêng sultan [2: 147] |[1] wong Mataram sadaya pan sampun rawuh | ngaturakên bêboyongan | sri narendra suka ngênting || |
| 34.047 | datan kawarna laminya | Kangjêng Sultan enjing miyos tinangkil | Ki Tumênggung Singaranu | katur kangjêng sri nata | inggih mangke wong Pajang kawula ngrungu | bêbesanan lawan Tuban | ngandika Sultan Matawis || |
| 34.048 | lah ta apa rinasanan | măngsa paman sumêdya wani mami | Jasupănta nêmbah matur | rumiyin Pasêdhahan | Adipati Mandura arsa anêmpuh | inggih dhumatêng kawula | ngandika sri narapati || |
| 34.049 | lah ta măngsa mangkanaa | iya paman Mandura sêdya wani | ênêngêna ta karuhun | kocapa Ki Mandura | kirim surat marang ing Pajang puniku | sampun mentar kang utusan | datan kawarna ing margi || |
| 34.050 | lampahira kang cundaka | sampun prapta ing Pajang kang nagari | anulya kandhêg ing atur | marang kang tunggu lawang | sampun katur yèn wontên utusan rawuh | Dipati Pajang siyaga | tan adangu sigra mijil || |
| 35. Mijil | |
| 35.001 | kang cundaka sigra matur aglis | mangrêpa turnya lon | Ki Dipati nampani surate | gya binuka kang nawala aglis | sinukmèng ing galih | tuwin têmbungipun || |
| 35.002 | pèngêt iki surate dipati | ya Mandura ingong | pan wiyose Dipati Pajange | ingkang sampun antuk sih Hyang Widhi | kadwi kajêng[2] nabi | ing supangatipun || |
| 35.003 | myang kang barkat sakabat prasami | tuwin wali kaot | kang sumare sabrang Jawa kabèh | muga-muga antuka ingkang sih | lan panêdha mami | panjanga yuswamu [2: 148] || |
158–159 dari 241
| 1 | Kurang satu suku kata: katur dhatêng jêng sultan. (kembali) |
| 2 | kangjêng. (kembali) |