Tembang macapat
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34–35 dari 57
159–160 dari 241
1.583–1.592 dari 2.402
| 34.047 | datan kawarna laminya | Kangjêng Sultan enjing miyos tinangkil | Ki Tumênggung Singaranu | katur kangjêng sri nata | inggih mangke wong Pajang kawula ngrungu | bêbesanan lawan Tuban | ngandika Sultan Matawis || |
| 34.048 | lah ta apa rinasanan | măngsa paman sumêdya wani mami | Jasupănta nêmbah matur | rumiyin Pasêdhahan | Adipati Mandura arsa anêmpuh | inggih dhumatêng kawula | ngandika sri narapati || |
| 34.049 | lah ta măngsa mangkanaa | iya paman Mandura sêdya wani | ênêngêna ta karuhun | kocapa Ki Mandura | kirim surat marang ing Pajang puniku | sampun mentar kang utusan | datan kawarna ing margi || |
| 34.050 | lampahira kang cundaka | sampun prapta ing Pajang kang nagari | anulya kandhêg ing atur | marang kang tunggu lawang | sampun katur yèn wontên utusan rawuh | Dipati Pajang siyaga | tan adangu sigra mijil || |
| 35. Mijil | |
| 35.001 | kang cundaka sigra matur aglis | mangrêpa turnya lon | Ki Dipati nampani surate | gya binuka kang nawala aglis | sinukmèng ing galih | tuwin têmbungipun || |
| 35.002 | pèngêt iki surate dipati | ya Mandura ingong | pan wiyose Dipati Pajange | ingkang sampun antuk sih Hyang Widhi | kadwi kajêng[1] nabi | ing supangatipun || |
| 35.003 | myang kang barkat sakabat prasami | tuwin wali kaot | kang sumare sabrang Jawa kabèh | muga-muga antuka ingkang sih | lan panêdha mami | panjanga yuswamu [2: 148] || |
| 35.004 | kapindhone salam donga mami | mring sira riningong | kalawan malih yayi ing mangke | yèn andika parêng arsa balik | mungsuh wong Matawis | mangke mangsanipun || |
| 35.005 | jêngandika enjang yèn ajurit | lawan jêng sang katong | pan manira ngamuk ing wurine | sampun kirang pracaya ing mami | andêlna ing benjing | yèn têkèng prang pupuh || |
| 35.006 | sampun têlas wiraosing tulis | èsthi prayaningong | sampun kawrat ing dalêm surate | Adipati Pajang ngandika ris | mring utusan aglis | matura anuwun || |
159–160 dari 241
| 1 | kangjêng. (kembali) |