Tembang macapat
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34 dari 57
155–156 dari 241
1.545–1.554 dari 2.402
| 34.009 | sapraptanira ngajêngan | kangjêng sultan sigra ngandika aris | Jayasupănta sun utus | sumusula mangetan | iya sira dadia paningal ingsun | jênêngana wong Mataram | kang ala lawan kang bêcik || |
| 34.010 | aja sira mèlu aprang | tingalana solahe wong Matawis | yèn aprang katara iku | kang bêcik lan kang ala | yèn wis bêdhah Pasuruan glisa mundur | lawan sira rêrangkaha | jurang palwa dèn abêcik || |
| 34.011 | sakathahe wong Mataram | aywa awèh liwat jabaning baris | dene yèn ana kang purun | anarajang mring sira | nora têmên wong mau ngawula mring sun | anuli sira muliha | mring Mataram dipun aglis || |
| 34.012 | lah uwis sira mangkata | Jasupănta sigra dènnya wotsari | budhal sagêgamanipun | anusul mring bang wetan | tan kawarna ing marga datan winuwus | gêgaman wetan ing Pajang | Jasupănta wus kapanggih || |
| 34.013 | lan Dipati Martalaya | Jasupănta pan sampun amangsidi | tandya umangkat sadarum | gêgaman sampun budhal | saking Sala mangetan ing lampahipun | sakèh desa kang kamargan | rusak tanêm tuwuh kitri [2: 142] || |
| 34.014 | datan kawarna ing marga | sampun prapta Pasuruan nagari | gègèr wong desa malêdug | sami angungsi kitha | sakathahe wong Pasuruan puniku | Nyi Tumênggung Kapulungan | abaris sajro nagari || |
| 34.015 | barise samya balabar | wong Mataram samya ngêpung nagari | mondhok êlor lawan kidul | sakidule ing kitha | tinuguran namung ingkang kilèn suwung | iku nora tinuguran | dene wong agung Matawis || |
| 34.016 | Ki Tumênggung Kapulungan | atêtêgar sarwi ngidêri baris | asru dènira amuwus | sira wong Pasuruan | sesuk esuk sira sun ajak umagut | mêtoni ing pabarisan | sira ingsun ajak mati || |
| 34.017 | sampuning dalu samana | dintênipun malêm Jumungah Lêgi | yèn angucapa ing kalbu | Tumênggung Kapulungan | kaya ngapa yèn ingsun apranga besuk | kalawan wadya Mataram | măngsa ngudhilana sami || |
| 34.018 | yèn wong Mataram anăngga | padha kèhe ingsun datan ngudhili | duk Pasiwalan rumuhun | ing mêngko pan sapala | suprandene binuru kapêntut-pêntut | nora kêna ginagampang | pan ingsun kêpesing-pesing || |
155–156 dari 241