Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
35 dari 57
160–161 dari 241
1.594–1.603 dari 2.402
35.008 lah matura mring si kakang benjing | yèn antuk margèngong | pasthi ingsun amungsuh sang rajèng | poma kakang aja anyidrani | utusan wus pamit | sigra lampahipun ||
35.009 tan kawarna ngênu praptèng ngarsi | aturira alon | rayi paduka ngantos margine | sampun pasthi ing benjang ambalik | brastha tur wotsari | nêngêna rumuhun ||
35.010 kang kocapa sultan ing Matawis | siniwèng sagung wong | sri narendra alon andikane | ingsun ngrungu ing Pajang nagari | ana jaran bêcik | si dumba ranipun ||
35.011 bocah gandhèk lumakua aglis | sira ingsun kongkon | marang Pajang pundhutên jarane | Tambakbaya si domba kang nami | kang kinon [2: 149: ki...non] wotsari | aglis lampahipun ||
35.012 tan kawarna ing marga wus prapti | ing Pajang kang kinon | lagya sineba dipati mangke | nanging Tambakbaya dèrèng nangkil | utusan mangarsi | alon aturipun ||
35.013 jêngandika tampi ki dipati | timbalan sang katong | kinèn mundhut kudanira age | wasta pun dumba ingkang turanggi | adipati angling | dede kudaningsun ||
35.014 inggih mangke sun undange dhingin | tumulya glis akon | kinèn ngundang mring Tambakbayane | lan kudane dèn gawaa aglis | utusan wus prapti | alon aturipun ||
35.015 jêngandika tinimbalan aglis | wontên duta katong | kapal dika kabêktaa mangke | kinarsakkên Jêng Sultan Matawis | Tambakbaya angling | rêngu ulatipun ||
35.016 kapan ana gamêl dipun aglis | dumba kudaningong | aja bêcik-bêk kambilane |[1] mapan sampun kapal dèn kambili | sinaoskên aglis | Tambakbaya mêtu ||
35.017 wus anitih kuda sarwi angling | eman kudaningong | singa ingkang anungganga mangke | Tambakbaya lamun maksih urip | manawa wus mati | ucul kudaningsun ||
160–161 dari 241

 


Kurang satu suku kata: aja bêcik-bêcik kambilane. (kembali)