Tembang macapat
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
36 dari 57
164–165 dari 241
1.636–1.645 dari 2.402
| 36.019 | Dipati Pajang ngawaki | anênggih kathah katawan | Tambakbaya pangamuke | kinarubut ing prawira | Tambakbaya wus sayah | kalindhih nulya lumayu | sarwi ngucap ngundhat-undhat || |
| 36.020 | Ki Mandura dèn pisuhi | dene cidra ing ubaya | wong Pajang angucap kabèh | Ki Mandura kaniaya | cidra sanggupanira | wong Mataram samya ngrungu | ginarit sajroning driya || |
| 36.021 | Mandura purwaning kardi | sakathahe wong Mataram | samya anitèni kabèh | Dipati Pajang lumaywa | lan Arya Tambakbaya | angampiri garwanipun | binoncengakên ing kuda || |
| 36.022 | pan sarwi dipun tututi | palayune sêsandêran | andêrwili sêsambate | lah bojo dèn kukuh sira | manawa têmah tiba | mênèk kêcandhak ing mungsuh | Nyi Tambakbaya mèh tiba || |
| 36.023 | semahe dipun cêkêli | tumulya atilar kuda | ngucap Tambakbaya age | iki kang dadi wisuna | yèn ora sun tilara | dèn tutkên saparan ingsun | mari-mari yèn kêcandhak || |
| 36.024 | sampun prapta ing Sumanggi | sami anumpak baita | nênggih wong katri wus kamot | Ki Tumênggung Jagaraga | lan Arya Tambakbaya | Dipati Pajang nèng ngayun | sinigêg kang lampah palwa || |
| 36.025 | wong Mataram kang nyêkêli [2: 155] | kuda kang aran pun dumba | jaran têtiga kathahe | pan sampun sami kabandhang | wong Pajang binoyongan | dèn pèk kêbo sapinipun | binakta dhatêng Mataram || |
| 36.026 | anênggih sampun atêbih | lampahe Dipati Pajang | ing Surabaya jujuge | wong Mataram sampun bubar | tan kawarna ing marga | wus prapta nagri Matarum | sri narendra siniwaka || |
| 36.027 | wus katur bandhangan sami | kuda kang aran pun dumba | kalawan bêboyongane | wus sami katur sadaya | suka sri naranata | Dipati Pajang dinangu | ngêndi ingkang dèn ungsia || |
| 36.028 | kang dinangu matur aris | nênggih dhatêng Surabaya | katiga tunggil parane | kang sinuhun lon ngandika | hèh kakang Martalaya | sira sun kongkon anglurug | lawan Arya Jasupănta || |
164–165 dari 241