Tembang macapat
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
36 dari 57
165–166 dari 241
1.647–1.656 dari 2.402
| 36.030 | wus kondur sri narapati | lumêbèng mring dalêm pura | tan kawarna ing lamine | wong Mataram wus siyaga | Ki Dipati Santênan | sampun ngadêg barisipun | ngantêp wadya ing Mataram || |
| 36.031 | jêng sultan enjing tinangkil | pêpak ingkang balakuswa | sumêkta lan gêgamane | Adipati Martalaya | lawan Jayasupănta | sampun winêling sêdarum | Martalaya awotsêkar [2: 156: awotsê...kar] || |
| 36.032 | ngandika Sultan Matawis | lah uwis sira mangkata | dèn prayitna ing jurite | para mantri atur sêmbah | wus budhal ing paseban | wadyabala pan gumuruh | budhal sagungirèng wadya || |
| 36.033 | datan kawarna ing margi | wus prapta nagari Tuban | dipati barise amor | ing Pathi lan wong Mataram | wong Tuban kagegeran | wong cilik samya lumayu | angungsi sajroning kitha || |
| 36.034 | wong Sêdayu samya ngili | kêlawan wong Pringgabaya | samya mring Tuban parane | nênggih Adipati Tuban | pan dhingin wus utusan | mring Mandura wus biyantu | mapag prang wadya Mataram || |
| 36.035 | lan Dipati Surawèsthi | wus samya saguh bantu prang | Dipati Surabayane | datan lumaku mring Tuban | anênggih jaga kutha | kang kinèn lumaku bantu | Ki Adipati Sanjata || |
| 36.036 | nênggih angungsi rumiyin | kang saking nagri ing Pajang | Ki Dêmang Jagaragane | jinunjung linggih dipatya | Sênjata wastanira | punika kang kinèn bantu | marang Ki Dipati Tuban || |
| 36.037 | Tambakbaya kinèn ngirid | prajurid ing Surabaya | wus budhal tata lakune | miwah gêgaman Mandura | ingkang bantu mring Tuban | nênggih sèwu kathahipun | wus prapta nagri ing Tuban || |
| 36.038 | wus anèng jro kutha Tubin | sampun sinungan pondhokan | purna wau winiraos | kocapa wadya Mataram | apan ta sampun tata | wong Mataram pondhokipun [2: 157] | wontên sakiduling kitha || |
| 36.039 | dene Dipati ing Pathi | barise kilèning kitha | sampun sumêkta pondhoke | biting jagang sampun dadya | santosa kapurancang | ngrangsang kutha karsanipun | ing mangke sampun têngara || |
165–166 dari 241