Tembang macapat
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
37 dari 57
169–170 dari 241
1.682–1.691 dari 2.402
| 37.004 | Wiradesa lan Pamalang | Barêbês lawan wong Têgil | Wirasaba lan Sumêdhang | sira adua ing jurit | nata dhawuhkên maring | Ki Tumênggung Singaranu | lah sira kongkonana | sakèhe wadya Pasisir | patêmona ing Badholèng tata bala || |
| 37.005 | Sujanapura wotsêkar | sakèhe mantri panumping | sami tur bêkti sadaya | numbakanyar lan wong bumi | wong sèwu awotsari | gêgaman budhal rumuhun | mantri lumakyèng wuntat | dadi pangiriding baris | Tumênggung Sujanapura wus lumampah || |
| 37.006 | sampun lêpas lampahira | datan kawarna ing margi | ing Badholèng sampun prapta | sakèhing wadya pasisir | pan sampun sami prapti | samya acawis pêrau | miwah baita tundhan | tunggangane wong Matawis | Ki Tumênggung Sujanapura wus minggah || |
| 37.007 | anitih kang palwa lanang | prasamya asikêp bêdhil | sakèhe para dipatya | wus anitih palwa sami | sagung tundhan prau lit | para wadya numpak ngriku | sampun ambabar layar | tinon lir paksi tumiling | anèng laut ting karêlap ting karêthap || |
| 37.008 | wus prapta ing Surabaya | dèn sêsiwo kang nagari | wong cilik kèh kagegeran | samya ngungsi jron nagari | wadya ing Surawèsthi | ing mangke nora têtulung | marang nagri Mandura | ajaga kitha pribadi | kawarnaa gêgaman gêng ing lautan || |
| 37.009 | wus prapta nagri Mandura | prapta pinggiring kêkisik | kawarnaa [2: 162: ka...warnaa] wong Mandura | pêpak anèng ing Pasisir | prasamya anjagani | wong Mataram inggahipun | sampun ayun-ayunan | arame bêdhil-binêdhil | wadya surak gêr kadya tangkêp ngakasa || |
| 37.010 | wong Mataram pan kewuhan | ora olèh papan jurit | ingkang mara mara pêjah | kang amundur-mundur kanin | nanging wadya Matawis | amêksa angungkih purun | anênggih katadhahan | gènnya aprang wus alami | kawarnaa wong Mandura pirêmbagan || |
| 37.011 | Dipati Sampang Mandura | Sumênêp lan Surèngwèsthi | ing Balega Pakacangan | samya agunêm ing wêngi | Dipati Sampang angling | kadipundi karsanipun | kèhing para dipatya | ing jurite wong Matawis | sampun lama tan ana wêkasanira || |
| 37.012 | ing mangke karsa manira | dimèn munggah wong Matawis | yèn wus munggah nèng dharatan | nêdha dèn antêp kang jurit | sayêkti wong Matawis | pêsthi mati klêbèng banyu | ginêtak saka ngarsa | undure kalêbèng warih | wong Mataram pasthi pêjah dening toya || |
| 37.013 | bupati wus samya rêmbag | sampun ingundhangan sami | sakèhe para bupatya | kinèn andhêdhêp rumiyin | yèn munggah wong Matawis | amêntas kang anèng laut | anulya tinarajang | dimèn tumpês wong Matawis | lah ing ngriku sinigêg wadya Mandura || |
169–170 dari 241