Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
38 dari 57
175 dari 241
1.741–1.750 dari 2.402
38.036 nênggih Adipati Sampang atut wuntat | sewaka ing Matawis | nahên kang kocapa | jêng sultan ing Mataram | sampun ngaturan upêksi | Sujanapura | nênggih sampun ngêmasi ||
38.037 dene garwa sêliripun Janapura | sampun binoyong sami | Balega kabêkta | Sumênêp sampun pêjah | Pamêkasan inggih lalis | lan Janapura | têmpuh sarêng ngêmasi ||
38.038 sangêt ngungun dupi myarsa sri narendra | ngandika sri bupati | patènana enggal | kang aran Si Balega | kang kinon amêsat aglis | kapêthuk marga | nèng Jurang dèn pêjahi ||
38.039 sampun pêjah ki dipati ing Balega | Jurangpalwa puniki | jisime pinêtak | kocapa kang lumampah | ing wuri prapta Matawis | Pangran Pragola | lan sabalanipun Pathi |[1]|
38.040 lawan wadya Mataram prapta sadaya | nênggih Dipati Pathi | pan dadya tontonan [2: 171: tonto...nan] | gêgaman ing Santênan | warnane lir yangyang tulis | têngaranira | lir pendah wukir sari ||
38.041 busanane prajurite murub mubyar | pan sami dèn songsongi | Dipati Santênan | wigya anitih kuda | pinayungan kartas kuning | tinon dipatya | Mataram tanpa tandhing ||
38.042 sapraptane jroning kitha ing Mataram | Jêng Sultan wus tinangkil | ing wadyabalanya | kang nglurug samya prapta | miwah Adipati Pathi | munggèng ngarsendra | angaturakên bêkti ||
38.043 langkung suka nala dalêm kangjêng sultan | sigra ngandika aris | Adipati Sampang | sira sun pundhut putra | Dipati Sampang ngabêkti | langkung sihira | muka konjêm ing siti ||
38.044 wus ginanjar dipatinira wong Sampang | miwah Dipati Pathi | sinungan kancana | pangangge lawan arta | miwah wadya ing Matawis | sami ginanjar | miwah têkèng pakathik ||
38.045 langkung sihe Sri Narendra mring Dipatya | Sampang pinundhut siwi | jêng sultan wus bubar | saking ing pagêlaran | kondur dhatêng dalêm puri | gya kangjêng sultan | pinêthuk dalêm manis ||
175 dari 241

 


Lebih satu suku kata: sabalanipun Pathi. (kembali)