Tembang macapat
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
39 dari 57
176–177 dari 241
1.754–1.763 dari 2.402
| 39.004 | nora nana toya kang binukti | singa ngombe banjur dadi lara | awatuk lara wêtênge | mantri samya arêmbug | wênèh ana kang ngajak jurit | ana ngajak têluka | ngriku sampun katur | mring Dipati Surabaya | sinewaka dening ingkang para mantri | ngabèi lawan arya || |
| 39.005 | pra dipati tumênggung dipati | pêcattăndha răngga lawan dêmang | wus samya anangkil kabèh | mapan sampun umatur | kang sapalih angajak jurit | sêparo ngajak têpang | kèmêngan tyasipun | Adipati Surabaya | wau ingkang datansah angajak jurit | lumaku ingabêna || |
| 39.006 | wadya Surabaya kabèh angling | Tambakbaya maksa kumawawa | amêthukakên jurite | yèn mênanga karuhun | pêsthi unggul [2: 173: unggu...l] dènira jurit | duk mêksih anèng Pajang | ing pangrasaningsun | wong mati angajak-ajak | Tambakbaya bêburone wong Matawis | pasthi agawe ala || |
| 39.007 | ki dipati kèmêngan ing galih | dipun raos lêrês ingkang mojar | angajak têpunga mangke | dèn rasa ing tyasipun | nanging maksih karasèng galih | isine saya kathah | sakèh wadya kuru | labête lami tan mangan | sakathahe nênggih kang angajak jurit | samya têluk sadaya || |
| 39.008 | mring Mataram samya nungkul bêkti | dadya Adipati Surabaya | awuyungan jro kalbune | ing mangke sêdyaningsun | arsa nungkul marang Matawis | lah putraningsun sira | lumakua nungkul | ingsun pan ora tumindak | putraningsun Mas Pêkik sun gawe wakil | kèringa mantrinira || |
| 39.009 | para mantri samya awotsari | matur dhatêng gusti sang dipatya | pangraos kawula mangke | lah anggèr lampahipun | yèn kawula botên mungkasi | yèn suwawi lan karsa | paduka pukulun | inggih tumindak priyăngga | apanggiha lan Kangjêng Sultan Matawis | supados katrimaa || |
| 39.010 | Adipati Surabaya angling | ingsun wêruh kabèh karsanira | yêkti ingsun ora sae | katêmua sang prabu | ngamungêna putrèngsun iki | Mas Pêkik wus prayoga | dadya wakil ingsun | manira srahkên Hyang Suksma | lara pati langkung karsaning Hyang Widhi | ingsun uwis pracaya [2: 174] || |
| 39.011 | lah Urawan lumakua aglis | iringêna lakune putrèngwang | sira dadi sêratine | anggawaa wong sèwu | lan sagunge kang para mantri | bêktaa kang barana | iki surat ingsun | angsungêna mring utusan | kangjêng sultan kang baris jabaning biting | Mangunonêng wastanya || |
| 39.012 | sigra budhal Rahadyan Mas Pêkik | pan ingiring wadya Surabaya | pan samya tata lakune | rajabrana pinikul | kang pikulan munggèng ing ngarsi | nênggih kinarya ruba | kang badhe anungkul | sapraptaning pabarisan | dèn sêsiwo dening wadya ing Matawis | wong Surabaya ebat || |
| 39.013 | Kyai Dêmang Urawan kariyin | bêkta sêrat tan adangu prapta | anênggih barisan gêdhe | Ki Mangunonêng wau | Ki Urawan dipun panggihi | wus katur suratira | winaca ing kalbu | mangkana ijêmaning srat | lamun têluk Pangran Surabaya nanging | wakil mring putranira || |
176–177 dari 241