Tembang macapat
Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
5 dari 6
66–67 dari 86
658–667 dari 852
5.107 | kang turăngga lir sela agêng nglêgarang | dhadhap tamèng lan tamsir | tinon kadi mina | angambang ing samodra | amor lindhu andhatêngi | angrèn prabata | megung lir ruging ardi || |
5.108 | kang akasa kêlap-kêlap kadi bêlah | liwêran kilat thathit | lintang sumamburat | tinon kadi kiyamat | bala Kumpêni sirnanting | sisaning pêjah | lumayu ngungsi biting || |
5.109 | kang pangawat kiwa ingkang tinarajang | mring Mantri Surawèsthi | tandange lir buta | sira Jaka Tangkêban [146] | ingkang kinarya têtindhih | kuwêl kewala | mungsuh bala pasisir || |
5.110 | sira Jaka Tangkêban angamuk ngampak | kang tinarajang isis | Dipati Janingrat | sumyur sabalanira | dèn amuk ing para mantri | wong Pakalongan | samya lumayu wingwrin || |
5.111 | ya ta wau Apanji Wiranagara | wadyabala ing Têgil | datan antuk papan | gêgêr madyèng palagan | tinarajang ngarsèng wuri | myang kering kanan | wadyabala ing Têgil || |
5.112 | samya dheprok tan ana ingkang lumajar | kawratan sihing gusti | wadyèng Surabaya | asru panêmpuhira | wong ing Têgal dèn bêdhili | tur tinowokan | pinasêr cèkèl biring || |
5.113 | kacarita Tumênggung Wiranagara | darbe ari satunggil | aran Ănggrayuda | nangis nungkêmi pada | tuwin ingkang para mantri | samya karuna | ature mêlas-asih || |
5.114 | dhuh gustiku Dipati Wiranagara | lumayua tumuli | rêbuta Kuripan | ngungsia pabitingan | patine kula andhêmi | anggèr [147: ang...gèr] paduka | tulusa mukti sari || |
5.115 | sira Panji Wiranagara ing Têgal | amicara ing galih | nadyan lumayua | măngsa wurunga pêjah | mendah ucape ing bumi | ingsun lumajar | benjang nak putu mami || |
5.116 | sri narendra tan arsa ngawulakêna | utamaning bupati | dhatêng adilaga | angling Wiranagara | kèh sakèhe sanak mami | ngong milya pêjah | mring sira ambelani || |
66–67 dari 86