Tembang macapat
Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
5 dari 6
68–69 dari 86
674–683 dari 852
5.123 | sêdyanira Kyai Ngabèi Tohjaya | sêdya nanggulang jurit | pan kèlês ing wadya | ingkang sami lumajar | dadya akiwul tan polih | wêkasan misah | wêkasan turut kali || |
5.124 | wus lumêbêt marang jroning pabitingan | panggih lawan ki patih | sami ngungunira | ature Ki Tohjaya | kiyai dika tangguhi | sampun lumajar | darapon tiyang alit || |
5.125 | wontêna pangusènira kang lumajar | tuwin bala Kumpêni | sasisaning pêjah | dene jasat kawula | paduka damêl pangarsi | Ki Cakrajaya [149] | langkung trustha kang galih || |
5.126 | amiyarsa ature Kyai Tohjaya | nulya bala pasisir | kang sami lumajar | wus sami tinimbalan | kacarita kyai patih | adarbe wadya | kathahe wolung dèsi || |
5.127 | lagya nêdhêng warnane samya taruna | rinayat tur ginalih | nênggih ingaranan | têtiyang trunasura | sami akulambi kuning | asikêp watang | mamanji ninggring jinggring || |
5.128 | dene wadya kapatihan ingkang kathah | anèng pangawat kering | myang pangawat kanan | Kiyai Sutayuda | ingkang minăngka têtindhih | lan Ekatruna | sami angrêksa biting || |
5.129 | munggèng kering Ki Ngabèi Sutayuda | têngên Ekatrunèki | wadya Surabaya | wau anulya prapta | kang ngilut dhatêng ki patih | umyang kang surak | umung kêndhang gong bèri || |
5.130 | kalaganjur tinêmbang munya angangkang | barung lan carabali | wadya Kartasura | angrês ing manahira | miyarsa gamêlan muni | wong Surabaya | alok sarwi ambêdhil || |
5.131 | nulya ngrangsang bitinge Ki Cakrajaya | sigra campuh kang jurit | tiyang trunasura | tinêmpuh barisira | wong trunasura tan gingsir | ramene [150: rame...ne] yuda | lir udan sinêmèni || |
5.132 | Ki Tohjaya pangamuke kadya yêksa | nèng ngarsane ki patih | bala Surabaya | kang tinarajang bubar | sira Cakrajaya Patih | angagêm rotan | nindhihi anèng wuri || |
68–69 dari 86