Tembang macapat
Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
5 dari 6
69–70 dari 86
687–696 dari 852
5.136 | Ki Tumênggung Puspanagara ing Batang | maksih kathah kang ngiring | lumayu lon-lonan | angungsi ki apatya | sarêng cêlak lan ki patih | wong trunasura | wau ingkang nulungi || |
5.137 | sampun kumpul lan ki patih Cakrajaya | wus binubuhan biting | Kyai Citrasoma [151] | myang Dipati Janingrat | anunggal dadi sawiji | wong Surabaya | kang bujung samya prapti || |
5.138 | anêrajang bitinge Ki Ekatruna | sampun campuh ing jurit | Kyai Ekatruna | rame dènira yuda | anênggih katiban mimis | jajanya bêngkah | niba nulya ngêmasi || |
5.139 | kancanipun pan sami mawur sadaya | bala ing Surawèsthi | tandange lir buta | minggah mring pabitingan | ki patih angatag aglis | wong truna sura | kang kinèn anulungi || |
5.140 | myang Kumpêni samya guntur ing sanjata | nanging kasaput wêngi | mantri Surabaya | mundur sarwi ambêkta | kunarpanira Apanji | Wiranagara | sawadyane kang mati || |
5.141 | karsanira pinêtak ing Surabaya | sasanake kang lalis | ayya kênthang-kênthang | binêkta mring jro kitha | Ki Arjapuspitèki |[1] mundur mring kitha | kang wadya samya ngiring || |
5.142 | praptèng jawi sigra anabuh gamêlan | monggang pinirsa asri | bala Kartasura | angrês sêngkalanira | lar dadi bocahing bumi | kang kawuwusa | arsa nukup ing jurit || |
5.143 | Surèngrana wus budhal sing wana Jipang | arsa [152: ar...sa] nukup ing jurit | bala Kartasura | kang abaris Sapanjang | lampahira sampun prapti | ing Surabaya | sabalanya umiring || |
5.144 | kawarnaa Tumênggung Surawijaya | sampun miyarsa warti | lamun Surèngrana | bodhol saking ing wana | sigra nusul sawadyèki | praptèng Sapajang | masanggrahan tumuli || |
5.145 | bala Kartasura asrêp manahira | ingkang samya abaris | anèng ing Sapajang | watawis tigang dina | wong Surabaya dhatêngi | rame kang yuda | wanci ing madya ratri || |
69–70 dari 86
1 | Kurang satu suku kata: Kyai Arjapuspitèki. (kembali) |