Tembang macapat
Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
5 dari 6
72–73 dari 86
712–721 dari 852
5.161 | kang dadosa têtindhihing wadyabala | ngulari bêras pari | Kyai Cakrajaya | mèsêm alon lingira | emane tan duwe kanthi | adhi Tohjaya | duwea kanthi siji || |
5.162 | yêkti dadi dandanan luwih prayoga | kang padha lan si adhi | Kyai Citrasoma | matur dhatêng apatya | pun Arya Kudus anênggih | adarbe wăngsa | Sirnayuda namèki || |
5.163 | Panêmbahan Makaol kang darbe têdhak | purunipun nglangkungi | yèn mirsa sanjata | kêdah ngamuk kewala | tan beda lawan pun adhi | pun sirna yuda | nulya dipun timbali || |
5.164 | apan dadya kanthine Kyai Tohjaya | kinarya senapati | ing wadya kang nglarag | sakèh wong Kartasura | sampun angsal bêras pari | kang kawarnaa | Pangeran Mandurèki || |
5.165 | tinimbalan marang nagri Surabaya | marang rêkyana patih | nanging ing Mandura | lagya amanggih karya | aprang lan mantunirèki | Arya Dikara | Pamêkasan nagari || |
5.166 | marganira [156] garwane Arya Dikara | purik dipun kukuhi | marang ingkang rama | Pangeran Cakraningrat | pan sampun dadi kang jurit | êlong linongan | wong Mandura kalindhih || |
5.167 | dening bala Mêkasan wadya Mandura | akathah ingkang balik | marang Radèn Arya | Dikara duk samana | pangran kewran ingkang galih | dyan arinira | kinarya senapati || |
5.168 | Radèn Suradiningrat kinèn mangguta | ngirit sagung prajurit | budhal saking kitha | sapraptanirèng rana | Pangeran Malik ing kapti | supe ing kadang | dènira rêbat singgih || |
5.169 | kait lawan Jangkewuh mantri panuwa | sigra utusan aglis | marang Surabaya | katur wêwadulira | yèn kang raka tuhu balik | duta wus prapta | katur kiyai patih || |
5.170 | sampun têlas ing purwa têkèng wêkasan | Suradiningrat nênggih | lamun ingkang raka | mangkya sêdya abăngga | kait lan wong Surawèsthi | yèn wontên karsa | kawula kang nanggupi || |
72–73 dari 86