Tembang macapat
Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
5 dari 6
73–74 dari 86
725–734 dari 852
5.174 | kunêng Pangran Cakraningrat winursita | sampun ngaturan uning | lamun arinira | sêdya mungsuh ing raka | langkung wagugên ing galih | sigra utusan | marang nagari Bali || |
5.175 | minta tulung dènira mungsuh rinira | wau ingkang winarni | Dyan Suradiningrat | barise wus angrêda | wadya Sumênêp wus nunggil | myang Pamêkasan | pun nunggal ingkang baris || |
5.176 | miwah bala Mandura sumuyut samya | pangran kesisan dasih | bubar barisira | arsa marêki kitha | sumahab bala lumaris | ingkang pangarsa | kitha sampun rinakit [158: rina...kit] || |
5.177 | wus kinêpung Sang Dipati Cakraningrat | mêmpên nèng dalêm puri | prajurit kang têngga | nêmatus winitara | ing sabên dina kèh mijil | nusul mring Radyan | Suradiningrat sami || |
5.178 | dadya kewran sang Dipati Cakraningrat | tinilar ingkang baris | dadya mupus ing tyas | pan arsa angungsia | pangeran marang Kumpêni | kang anèng kapal | miwah mring ki apatih || |
5.179 | wus siyaga lan sagarwa putranira | nêdya numpak jêladri | wau balanira | Radèn Suradiningrat | saking jawi ambêdhili | dadya pangeran | gugup budhal tumuli || |
5.180 | apan sampun andhingini lampahira | mring Kumpêni wèh paksi | ingkang anèng kapal | sira Kapitan Kartas | kalangkung suka ing galih | iya matura | ingsun ingkang nulungi || |
5.181 | pan Kumpêni besuk ingkang angulihna | marang Mandura iki | miwah ki apatya | rêmbuge wus anèng wang | pan ingsun kinèn ngaturi | mring Surabaya | duta tinulak aglis || |
5.182 | Sang Dipati Cakraningrat lolosira [159: lolosi...ra] | mêdal butulan wuri | kapêthuk utusan | lampahe sigra-sigra | sampun prapta ing pasisir | numpak ing palwa | garwa saputranèki || |
5.183 | myang kang dasih kang trêsna samya binêkta | numpak ing palwa kunthing | ngunjal marang kapal | pangeran sampun prapta | minggah ing kapal tumuli | Kapitan Kartas | sigra budhal tumuli || |
73–74 dari 86