Tembang macapat
Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
5 dari 6
75 dari 86
741–750 dari 852
5.190 | cinarita Kumpêni sakapal têlas | akêdhik ingkang kari | amung gala-gala | kang maksih sami mangsah | sami ngagêm sorot bêdhil | sira pangeran | sayah dèn gêbug bêdhil || |
5.191 | lan tinubruk ing kursi pangeran tiba | lênggah dipun popori | myang kang para putra | pêjahe pinoporan | pangeran sampun ngêmasi | murda tinigas | binaktèng Surèngwèsthi || |
5.192 | gêmbungira linabuh anèng samodra | Kumpêni ingkang kari | sigra dènnya layar | marang ing Surabaya | wau ta ingkang winarni [161] | Rahadèn Sura- | diningrat sawadyèki || |
5.193 | dènnya ngêlut prapta sapinggiring toya | wangsul sawadyanèki | angêbroki kitha | Kumpêni sampun prapta | nagari ing Surawèsthi | sampun apanggya | amral lan radèn patih || |
5.194 | katur solahira duk anèng lautan | amral ngungun tan sipi | tuwin ki apatya | langkung pangungunira | dene andêl ing ajurit | Kapitan Kartas | pêjah myang bala ênting || |
5.195 | Ki Apatih Cakrajaya wus utusan | dhatêng ing Kartawani | tur uningèng nata | datan kawarnèng marga | prapta Kartasura enjing | punang caraka | cundhuk lawan narpati || |
5.196 | sampun katur surat saking ki apatya | kapitèng tyas narpati | langkung ngungunira | punang duta tinulak | kadhahar turing narpati | wus pinatêdhan | angsul-angsul kang tulis || |
5.197 | miwah ingkang nuwala Suradiningrat | pinatêdhakkên aglis | duta pinatêdhan | nimbali Radèn Sura- | diningrat mring Surawèsthi | angriga wadya | sakapraboning juri[1] [162] || |
5.198 | tan winarna caraka praptèng Madura | pan sampun dèn dhawuhi | wau Radèn Sura- | diningrat sigra-sigra | sakapraboning ajurit | gumrah kang wadya | budhal mring Surawèsthi || |
5.199 | sampun prapta Rahadèn Suradiningrat | nagari Surawèsthi | tundhuk lan apatya | miwah Amral Baritman | myang sagung para bupati | pasisir ika | andhèr ngarsaning patih || |
75 dari 86
1 | jurit. (kembali) |