Tembang macapat
Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
5 dari 6
56–57 dari 86
558–567 dari 852
5.007 | pan binakta dhatêng Panji Surèngrana | aran juragan Bali | agêng manahira | sugih wong têtêbusan | dêdêge agêng ainggil | kyai juragan | kêras ambêgirèki || |
5.008 | kaduk wani tau aprang ing lautan | wus binakta tumuli | mangsah dhatêng Jipang | rabine ki juragan | ginadhe sadhatêng apanji |[1] kinèn ambêkta | marang ing Surawèsthi || |
5.009 | para dewa pan sami kantun sadaya | anèng nagri Garêsik | pan Ki Surèngrana | budhal sawadyanira | ingkang kinarya pangarsi | Kyai Juragan | tan kawarna ing margi [127] || |
5.010 | lampahira sampun prapta nagri Jipang | sampun campuh ing jurit | lan wong Kartasura | sagung para punggawa | pêpakan măncanagari | anèng ing Jipang | ingkang dadya têtindhih || |
5.011 | Ki Tumênggung Surawijaya ing Jipang | langkung ramening jurit | ya ta ki juragan | bali sigra umangsah | mudhun saking ing turanggi | angamuk ngampak | wong tatêbusan ngiring || |
5.012 | Ki Juragan Bali tandange lir yaksa | kang tinarajang isis | wadyabala Jipang | kathah longe kang pêjah | miwah wong măncanagari | kathah kang pêjah | sigra mundur tumuli || |
5.013 | sakathahe punggawa măncanagara | myang wong Kartasurèki | kèngsêr yudanira | wontên sakilèn kitha | desa Barongkol dèn goni | para prawira | pan sami abêbiting || |
5.014 | kutha Jipang anênggih sampun kancikan | dhatêng Surèngranèki | sigra wontên duta | prapta katur uninga | yèn Sidayu dèn anciki | marang Ki Răngga | Tuban myang wong pasisir [128: pasi...sir] || |
5.015 | ingkang kilèn ingirit dhatêng ki răngga | sigra Juragan Bali | kinèn umangsaha | mring Sidayu nagara | sampun binaktan wong Bali | sèkêt kèhira | nulya mangkat tumuli || |
5.016 | Ki Juragan Bali lampahe wus prapta | ing Sidayu nagari | campuh dènnya yuda | angamuk Ki Juragan | Ki Răngga Tuban tan gingsir | rame kang yuda | wong pasisir kèh mati || |
56–57 dari 86
1 | Lebih satu suku kata: ginadhe dhatêng apanji. (kembali) |