Tembang macapat
Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
5 dari 6
60–61 dari 86
592–601 dari 852
5.041 | Ki Juragan Bali kinèn mantuk sigra | marang nagri Garêsik | binotong kewala | wêlingira apanjya | hèh poma Juragan Bali | yèn sira waras | nuli balia maning || |
5.042 | tan winarna ing marga Kyai Juragan | sampun prapta Garêsik | nulya mangan sêga | sakite wus waluya | ya ta gêntia winarni | Ki Cakrajaya | prapta ing Surawèsthi || |
5.043 | lan Kumêndur Gobyo wau rowangira | samya jujug ing luji | ya ta kacarita | loji ing Surabaya | Kumpêni kang jaga kêdhik | mung kawan dasa | sami angati-ati || |
5.044 | pan mèh bêdhah rinurah wong Surabaya | nulya Rêkyana Patih | Cakrajaya prapta | myang sagunging punggawa | wus pêpak nèng Surawèsthi | sawadyanira | tuwin sagung Kumpêni || |
5.045 | Ki Tumênggung Kartanagara wus prapta | nagari Surawèsthi | baris kidul kitha | aran desa Sapanjang | sumêdya ngaturi [134] tulis | marang sang nata | miwah rêkyana patih || |
5.046 | Cakrajaya pan samya ngaturi sêrat | marang sri narapati | duta lumaksana | wus praptèng Kartasura | sêrat katur ing narpati | wus tinupiksa | bêbukaning kang tulis || |
5.047 | suratira Kiyai Kartanagara | pinariksa mring aji | kacaryan sang nata | andangu marang duta | sapa kang anulis iki | duta tur sêmbah | pukulun kang anulis || |
5.048 | abdi dalêm awasta pun Saratuna | sutane Saradèwi | lingira sang nata | warahên gustinira | carike ngong pundhut mangkin | dèn ulihêna | maring Kartasurèki || |
5.049 | kang caraka kêkalih sampun tinulak | wus binêktanan tulis | duta kalih mêsat | ya ta kang kawarnaa | kang baris ing Surawèsthi | ayun-ayunan | pan sami abêbiting || |
5.050 | sêkathahe punggawa ing Kartasura | tuwin bala Kumpêni | kalangkung prayitna | mariyême tinata | tanapi wong Surawèsthi | prayitnèng baya | tan ana sêdya urip || |
60–61 dari 86