Tembang macapat
Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
6 dari 6
78–79 dari 86
772–781 dari 852
6.018 | srayane kang lagya prapta | sangking Nungsakambangan Murah Panji | Balèlèng kêkasihipun | bêkta bala sanambang | mila prapta Surèngrana kang angimpuk | pangêbang kang muni layang | èwêde Surèngranèki || |
6.019 | ing nguni Dewa Kaloran | samutunge ing mangke angsal malih | duk samana atatêmu | kalawan Surèngrana [167: Su...rèngrana] | miwah Panji Kartayuda sarêng têmu | anèng desa ing Kapraban | wau dènira manggihi || |
6.020 | sinunggyan sinuba-suba | apan arsa binaptèng mring nagari | Jayapuspita tan rujuk | dèrèng eca kang manah | maksih suka angadu prajurit kaum | arsa dèn pitambuhana | owêl ta manawi runtik || |
6.021 | marma kalih arinira | samya kinèn manggihi Murah Panji | yèn benjang kasoranipun | karsanya ki dipatya | Murah Panji Bulèlèng kêna dèn adu | suda pangandêling Suksma | supe kodrating Yyang Widdhi || |
6.022 | ngandêl sêsamining janma | mila suda yitnane ing ajurit | duk srayane dèrèng rawuh | wisma ing Surabaya | kang katiban gutuk api payonipun | ingkang kêni tan tumama | ing mangkya kathah kabêsmi || |
6.023 | kuneng ingkang kawuwusa | sira amral lawan rêkyana patih | kalawan Gobyo Kumêndur | sami apagunêman | tuwin ingkang para bupati sadarum | Kumêndur Gobyo sru ngucap | kadipundi ki apatih || |
6.024 | yèn ta agung makètêna | aprang mriyêm tanpa wêkasing jurit | yèn rêmbag nêdha pinanggut [168] | sami aprang adhadha | pintên kèhe obat mimis ingkang dhawuh | yèn manggunga babêdhilan | sawindu pan nora busik || |
6.025 | wadya punika akathah | wong Kumpêni miwah wadyèng pasisir | myang wadya Mandura pênuh | kalangane punapa | kyana patih angrojongi mring kumêndur | miwah Sang Amral Baritman | ngundhangi bala Kumpêni || |
6.026 | myang Apatih Cakrajaya | pra dipati wus samya dèn undhangi | siyaga arsa umanggut | sampun nêmbang têngara | bêndhe tambur gumêrah wadya gumrêgut | budhal saking pabitingan | kotbuta bala kumpêni || |
6.027 | tatane baris tan owah | kadya sabên baris lumakyèng ngarsi | kang dèn kabayani ngayun | umyang kang balakuswa | Ki Dipati Jayapuspita winuwus | miyarsa yèn mêngsah prapta | ing alun-alun abaris || |
78–79 dari 86