Tembang macapat
Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
6 dari 6
79–80 dari 86
782–791 dari 852
6.028 | kang dadya pangawat kanan | Ki Ngabèi Jangrana ingkang rayi | ingkang munggèng keringipun | sira Jaka Tangkêban | ki dipati minăngka ing dhadhanipun | gêgaman awarna-warna | tinon lir prawata sari || |
6.029 | gamêlanira angangkang | ki dipati adhangkrang dèn payungi | bala Kumpêni wus rawuh | sampun ayun-ayunan [169: a...yun-ayunan] | pan agamêng wadya Kumpêni lir mêndhung | sarêng têmpuh ing ayuda | pan sampun bêdhil-binêdhil || |
6.030 | kang pangawat sarêng mangsah | wong Kumpêni angêdrèl wanti-wanti | pinirsa lir gêlap sèwu | barung lawan gamêlan | awor suraking bala atri gumuruh | pêtêng madyaning payudan | dening kukus angliputi || |
6.031 | sumahab wong Surabaya | kadi mina măngsa sajroning warih | wadya Mandura anêmpuh | myang pasisir sadaya | ramening prang caruk wong kalawan mungsuh | Dipati Jayapuspita | angabani wong pasisir || |
6.032 | ambyuk mangamuk manêngah | tingkês janggang sampun dèn obrak-abrik | miwah kang prajurit kaum | pangamuke lir yaksa | ingurugan jêmparing pasêr myang busur | susub kukusing sundawa | wadya Kumpêni kèh mati || |
6.033 | Kumêndur Gobyo umiyat | yèn Kumpêni akathah ingkang mati | abanting topiyonipun | sigra ngrêgakên bala | miwah Amral Baritman sarêng umanggut | Kapitan Krêbun lan Lutnan | Pandêr Lènglèng angawaki || |
6.034 | myang upêsir sarêng mangsah | Minangkabo Ambon Makasar Bugis [170] | sarêng dènira mangamuk | miwah bala Mandura | pra dipati pasisir ngrêgakên wadu | sakarine ingkang pêjah | Kumpêni mangamuk ngungkih || |
6.035 | tan kewran wong Surabaya | pangamuke lir buta măngsa daging | para mantri sarêng ambyuk | payudan tanpa rungyan | samya kuthah ludira sariranipun | anumbak-numbak anigas | gumêr sambate wong kanin || |
6.036 | tibane mimis lir udan | tigas ingkang gêgaman ting carêngkling | sêbrak suwèking lêlayu | rêkataking daludag | gêbyog-ginêbyog lêlayu umbul-umbul | saking ramening ayuda | kang sura aganti kêris || |
6.037 | sawênèh dugang-dinugang | kuwêl ingkang yuda bithi binithik | arame gêbug-ginêbug | sanjata tanpa karya | tanpa wilang kang mati sungsun atimbun | lêbu malêdug siniram | ing ludira kadi tasik || |
79–80 dari 86