Tembang macapat
Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
6 dari 6
80–81 dari 86
794–803 dari 852
6.040 | Kumpêni kalih brêgada | ingkang tumpês kajawi Ambon Bugis | Makasar Bali myang Butun | tumpês tanpa wilangan | Lutnan Pandêr Lèlèng punika kasambut | tumpês sakumpêninira | Kapitan Krêbun ngêmasi || |
6.041 | Lutnan Pabadhêm palastra | miwah wadya Surabaya kèh mati | sapih kang yuda kasaput | ing dalu kawarnaa | Ki Dipati Jayapuspita ajumbul | lan sagung prajuritira | lèngsèr mring sawetan kali || |
6.042 | baris ing kori sayatra | kithanira pan sampun dèn êbroki | dene sira Ki Tumênggung | Cakrajaya lan amral | duk samana prapta Kumpêni kang bantu | saking nagari Jakarta | kalih bragada kang prapti || |
6.043 | pangiride Mayor Kustap | lan Kapitan Pardèmês Luknang Jakim | katri prajurit linuhung | wus panggih lawan amral | pan Kumêndur Gobyo langkung sukanipun | Kumpêni bantune prapta | panggih lawan ki apatih || |
6.044 | ing dalu kang kawuwusa | pagunêman sagung para [172] bupati | kalawan para tumênggung | miwah Amral Baritman | myang Kumêndur Gobyo asru dènnya muwus | hèh ki patih paran karsa | punapa kèndêl ing jurit || |
6.045 | ki apatih alon mojar | karsaningsun ing yuda sun kèndêli | angasokakên ing batur | sigra Pangran Mandura | asru matur marang sira ki tumênggung | yèn suwawi lawan karsa | lêhêng pinagut ing jurit || |
6.046 | mupung dèrèng kêmbul lawan | kadangipun Surèngrana Apanji | myang Panji Kartayudèku | ing mangke lagya mangsah | inggih anèng ing Kapraban barisipun | amanggihi kancanira | pun Bulèlèng Murah Panji || |
6.047 | yèn punika anunggêla | yêkti awrat pinanggut ing ajurit | inggih ta sadayanipun | salah siji rêbaha | dyan Kumêndur Gobyo nèmpèl wêntisipun | giyak sarwi latah-latah | itu bêtul lêbih baik || |
6.048 | Kumêndur Gobyo punika | cinarita akêras tur bangbang pring | marmanira paksa manggut | saking tan bisa mulat | ing rusake Kumpêni kang manggut pupuh | sêdya angamuk kewala | apêpulih ing ajurit || |
6.049 | rêmbag sagunging [173: sa...gunging] dipatya | ki apatih lan amral anuruti | datan kawarna ing dalu | enjing nêmbang têngara | gubar bèri gumrudug swaraning tambur | gumyuh ingkang balakuswa | sami samaktèng ajurit || |
80–81 dari 86