Tembang macapat
Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
6 dari 6
76–77 dari 86
760–769 dari 852
6.006 | wus acêlak lawan kitha | sampun kèndêl samya anata biting | prasamya amasang ulur | mariyêm wus pinarnah | ing palatar luhur baluwartinipun | wadya pasisir sadaya | prasamya amasang biting || |
6.007 | wadya Surabaya miyat | yèn mungsuhe sami angangsêg baris | samya aminggah ing luhur | amasang mriyêmira | nglela kalantaka anakan lan masbun | saksana campuh kang yuda | arame bêdhil-binêdhil || |
6.008 | ngagêm sanjata kewala | kang mariyêm anèng ing balowarti | swaranya lir gunung rubuh | surak ambal-ambalan | Ki Dipati Jayapuspita cinatur | minggah dhatêng pêpanggungan | kodhokngorèke tan kari || |
6.009 | umung anèng pêpanggungan | amral miyat solahe sang dipati | agoyang kêpalanipun | sigra ingaraharah [165: ingarah...arah] | kinèn nyipat ing mariyêm panggungipun | sinusulan ing gurnada | nanging tiba nèng atêbih || |
6.010 | binendrong panggung ingarah | wadya Surabaya malês ambêdhil | samya kadya gêlap sèwu | kacatur pitung dina | dènira prang mariyêm siyang myang dalu | padhang wismèng Surabaya | ginunturan gutuk api || |
6.011 | nanging wadya Surabaya | datan ana miris ingkang ing galih | kang têngga bitinganipun | eca angura-ura | kang anggambang kang ngrêmbab miwah kang nylêmpung | yèn wayah pukul sawêlas | wong wadone samya ngirim || |
6.012 | mring lakine kang atêngga | pabitingan Kumpêni aningali | pinasang mariyêmipun | wong wadon gya sinipat | datan kandhêg eca dènnya gendhong sumbul | lumaksèng ing pabitingan | Kumpêni ebat ningali || |
6.013 | wadya lit ing Surabaya | kang wong desa sabên dina kèh prapti | miwah ingkang para kaum | sangking ing pagunungan | sêdya milya aprang sabil karsanipun | arsa nauri sihira | ing gusti sang adipati || |
6.014 | marma wong desa mangkana | lampahira ki dipati [166] ing nguni | sadaya parentahipun | desa myang pagunungan | ukur bisa sêmbayang ing pêthèk luput | miwah saniskarèng karya | dadya sadesa upami || |
6.015 | purun asalat sadaya | kang parentah linuputakên sami | ing karya myang takêr turun | luput pangawang-awang | pinardikakakên wong sadesa iku | tan ana sinungan karya | malah atampi pêparing || |
76–77 dari 86