Tembang macapat
Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
6 dari 6
84–85 dari 86
838–847 dari 852
6.084 | para mantri Surabaya | pangamuke samya atawan tangis | wau kawarta misuwur | pêjahira Jangrana | para garwa sadaya sami anusul | lan garwane sang dipatya | samya nusul tawan tangis || |
6.085 | sapraptanira payudan | para garwa anjrit sami nungkêmi | asambat ngaturi mundur | dhatêng sang adipatya | adandana yèn sampun dandan amanggut | yèn wus kumpul para kadang | pun janji Surèngranèki || |
6.086 | myang Apanji Kartayuda | dadya kewran tyasira sang dipati | ginubêl ing para arum | sigra mundur lon-lonan | dyan prajurit Kumpêni samya angêlut | ambêdhili saking wuntat | nanging bala Surawèsthi || |
6.087 | narungi sarwi lumampah | golong datan owah tataning baris | samana kasaput dalu | mundur bala Mandura | wong pasisir myang Kumpêni sarêng mundur | kang tumpês madyèng palagan | babrêgadan pra Kumpêni || |
6.088 | Ki Apatih Cakrajaya | lawan amral makuwon kitha malih | sira Jayapuspitèku [181: Jayapuspi...tèku] | wangsul ing prênahira | baris kapang warnanên sakèthèng dalu | Panji Surèngrana lawan | Apanji Kartayudèki || |
6.089 | miyarsa ing yudanira | ingkang raka rêmpu kari ngêmasi | apanji kalih wus rawuh | seba marang kang raka | ki dipati ginubêl ngaturan mêtu | saking salêbêting kitha | sampun kasompok ing jurit || |
6.090 | sang adipati lingira | karsaningsun tumpêsa jro nagari | mungsuh iki yèn sun dulu | kêthèn yutan awêndran | buh tikêle lan wadyèngong Surèngkewuh | ewasamono wak ingwang | sarambut durung gumingsir || |
6.091 | kang rayi kalih amêksa | ingaturan nunggil lan Murah Panji | Balèlèng ingajak manggut | sang dipati ngandika | iya marang sagunging prajuritipun | myang para kaum sadaya | ngapinjal aturing gusti || |
6.092 | kang satêngah ana ngucap | botên angsal punika aprang sabil | dene akanthi wong kupur | bala Nungsakambangan | Kêtib Bawa alon dènira amuwus | sanadyan padha kapira | kapir têtulung wong Bali || |
6.093 | Walănda kapir sikara | dyan akathah kang sami rêmbag mijil | lèngsèr sangking jro [182] kitha wus | myang ari kalih maksa | angaturi dadya giwang ing tyasipun | sang adipati wus mêdal | saking praja sawadyèki || |
84–85 dari 86