Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
29–30 dari 55
115–116 dari 257
1.150–1.159 dari 2.562
29.039 duk kapanggih putra ingkang brangti | sarêng mulat kang wong | sarêng korud putra lan putrine | saking karsaning Hyang Kang Linuwih | rasanya anunggil | dadya Nyai Kidul ||
29.040 kangjêng sultan arsa acangkrami | bubaring kadhaton | Pamancingan samana jujuge | sampun prapta têpining jaladri | sakathahe pêri | prasami amêthuk ||
29.041 Nyai Rara pan sampun lumaris | amêthuk sang katong | êjim pèri padha ngiring kabèh | anampani caraka narpati | sang nata kinanthi | dening Nyai Kidul ||
30. Kinanthi
30.001 upacara sang aprabu | tinampanan dening pêri | sawarnane upacara | pêri ingkang anampani | manungswa datan uninga | gêgawane dèn gêntèni ||
30.002 sadaya sami gagêtun | kawarnaa sri bupati | lumampah kêkanthèn asta | sampun angambah jaladri | kadi ngambah ing dharatan | sakêdhap datan kaèksi ||
30.003 dening wadyabala agung | atembak anèng pasisir | pan pasisir [[173] 253: pasi...sir] Pamancingan | prasamya angati-ati | kawarnaa sri narendra | wus ana madyaning jladri ||
30.004 prapta ing kadhaton sampun | alun-alune arêsmi | pacak sujine têmbaga | galedheganipun wêsi | botrawi angapit lawang | binatur sela candhani ||
30.005 papêthetan pinggiripun | sêkare asri angrawit | sêkare awarna-warna | pala gumantung andadi | samya ngêmohi sadaya | sawênèh kêmbang apêntil ||
30.006 sri narendra nulya laju | kandhêg ing witana asri | siniwi ing parayangan | bangsal pangrawitnya adi | sakanya sami tambaga | sirape salaka putih ||
30.007 binaturira pêrunggu | ing luhur salaka putih | witananya palênggahan | sami kancana kinardi | pinantèk ing nawa rêtna | palisire sutra putih ||
115–116 dari 257