Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 55
13 dari 257
121–130 dari 2.562
02.051 lèpènira sêkala mili ludira | kang wuri ngidak wani | mati anèng toya | awor gêtihing kuda | Kyai Arya Suratani | pan sampun pêjah | anèng sajroning kali ||
02.052 Ki Ngabèi Katawêngan sampun pêjah | Ki Panji Wirabumi [[14] 14: Wira...bumi] | ingkang nandhang brana | Tumênggung Jayabaya | punika panandhang kanin | wadya bang wetan | kondur sami bêdhili ||
02.053 Kyai Suratani samya ingulatan | anèng sajroning kali | sanak-sanakira | kang sami tumut pêjah | kèhing mayid susun tindhih | adangu sira | Ki Arya Suratani ||
02.054 Wus kapanggih Suratani jisimira | anèng sajroning kali | nulya binandhusa | kasaput dalu ika | wong Mantaram samya baris | mangetan jêngnya | samya angati-ati ||
02.055 dyan Wong Agung Mantaram samya rêmbagan | Pangeran Mangkubumi | alon angandika | kabèh wong ing Mantaram | bêcik padha nabrang kali | kulon plabuhan | angambil papan jurit ||
02.056 Ki Dipati Pugêr alon wuwusira | gih paman Mangkubumi | dede lêlampahan | alit manah kawula | tate angênggoni kali | têngahing rana | punika samya mati ||
02.057 yèn mêngkono wong batur aja na tinggal | mungsuh maksih aurip | eman si têmbaga | jumênêng adipatya | ing Pugêr anom apêkik | lamun mundura | mêmirang wong Mantawis ||
02.058 byar raina prajurit sami siyaga | nulya têngara muni | gong maguru găngsa | nulya mangsah ing rana | wadya wetan nrajang aglis | wadya Mantaram | sadaya nêdya mati ||
02.059 ramening prang kadi lesus nêmpuh parang | surak lan bêdhil muni | angucap ajriha | pêtêng kukus sandawa | riwut kadi têngah wêngi | kang mara pêjah | kang mundur nandhang kanin ||
02.060 Arya Pulangjiwa prajurit ing Japan | Ki Jala Jagapati | wong saking Madura | sumawita mring Japan | Arya Pulangjiwa luwih | pan nora nana | kaprawiraning jurit ||
13 dari 257