Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 55
10–11 dari 257
99–108 dari 2.562
02.029 Ki Tumênggung Alap-alap nèng Lumajang | sampun satêngah sasi | nulya mundur sigra | Tumênggung Alap alap | datan kawarna ing margi | prapta Winongan | sami seba pan asri ||
02.030 Dyan Ki Arya Suratani angandika | hèh Alap-alap aglis | sira angirida | mantri sêkawan ika | gêpukên ing Malang aglis | kang pangandika | kangjêng sri narapati ||
02.031 Ki Tumênggung Alap-alap aturira | Pasêdhahan puniki | punapa ing karsa | botên pantês binêdhah | angandika Suratani | kulup pan ora | winêkas mring narpati ||
02.032 radyan êmas bêkti putra Surabaya | kang jumênêng dipati | anèng Pasêdhahan | ki dipati lumaywa | dhatêng kitha Surabanggi | nanging kang rama | butarêpan ing galih ||
02.033 ingkang rama Ki Tumênggung Kapulungan | mangke ingkang nindhihi | lah Ki Alap-alap | enggal sira mangkata [[12] 12: mangka...ta] | sira bubara kariyin | Ki Alap-alap | anulya bêndhe aglis ||
02.034 tan antara gêgamane sigra budhal | saking Winongan enjing | ngalurug mring Malang | tan kawarna ing marga | wus prapta atata baris | kutha ing Malang | nulya kinêpung wani ||
02.035 wong ing Malang samya angêkên jro kitha | nênggih Kyai Ngabèi | Tohjiwa namanya | adipati ing Malang | wus lolos ing têngah wêngi | bala tinilar | mêtu marganing warih ||
02.036 sarêng mêdal palayunira mangetan | mring Lumajang wus prapti | nêngêna ta ika | kawarnaa dyan enjang | wong Mantaram nuli aglis | ngrampit ing kitha | sigra dipun inggahi ||
02.037 apan ora ginêpuk kitha ing Malang | rawuh dipun ecani | wadya ing Mantaram | prapta madyaning kitha | gumêrah swaraning tangis | binêkta mêdal | kitha dipun bêsmèni ||
02.038 wong Mantaram prasamya andum jarahan | boyongan wus giniring | mring wadya Mantaram | lampahnya rêreyongan | age arsa mondhok aglis | ing Tambakbaya | sawetaning Kadhiri ||
10–11 dari 257