Tembang macapat
Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
45–46 dari 55
198–199 dari 257
1.975–1.984 dari 2.562
| 45.035 | ing Pathi wus kaèdêkan | dening Mangkuyuda prawirèng jurit | pan tiyang Pathi kakêlun | akathah ingkang pêjah | dènnya mapag tiyang Sampang pêrangipun | têtiyang Pathi sasaran | sami lumayu angili || |
| 45.036 | ing Kudus sampun kabêdhah | jinarahan tiyang alit awingwrin | kalangkung dening arusuh | solahe wong Madura | pan ing Warung Garobogan wus kalulun | binoyong lan jinarahan | puyêngan samya angili || |
| 45.037 | nanging nagari ing Dêmak | maksih băngga angawali ing jurit | arame dènnya acampuh | tan ana kang kasoran | ing ayuda arame buru-binuru | surak lir pendah ampuhan | tan ana mundur ing jurit || |
| 46. Durma | |
| 46.001 | surakipun wong Dêmak kadya ampuhan [[294] 374: a...mpuhan] | tangkêpirèng ajurit | gêlar prit anêba | tiyang Sampang sudira | milane ramya kang jurit | tiyang ing Dêmak | prasami ambêdhili || |
| 46.002 | pêtêng dhêdhêt dening kukusing sundawa | satêngahing ajurit | mimis kadi udan | langkung ramening yuda | tiyang ing Sampang kalindhih | kathahên lawan | akathah ingkang mati || |
| 46.003 | sampun kèngsêr yudane wadyèng Madura | ya ta mangetan malih | mring nagri Jêpara | wau ingkang sinêdya | arsa binêdhah tumuli | apan ta ana | wau bêbanton malih || |
| 46.004 | Trunajaya utusan mring wong Madura | bantoni kang kalindhih | wo[1] măncanagara | ing bang wetan sadaya | wau ingkang ambantoni | wadya ing Sampang | ingkang dadi têtindhih || |
| 46.005 | ing Jêpara ing wau sampun kakêpang | wadya alit atintrim | pan angungsi kitha | miwah angungsi wana | ya ta dhinêsêg tumuli | kutha Jêpara | arsa ginêcak wani || |
| 46.006 | wong Jêpara muwêr sajrone ing kitha | akanthi wong Kumpêni | kang tungguk Jêpara | wêtawis rong bragada | sêdya rarêmpon ing wuri | Ki Wăngsadipa | sampun angati-ati || |
| 46.007 | para putra tansah pinêpêk ing ngarsa | Kiyai Jagapati | Ki Wăngsamênggala | kalawan Wăngsaprana | kalawan Ki Wiragati | Ki Imarêksa | lawan Ki Wiramantri || |
198–199 dari 257
| 1 | wong. (kembali) |