Tembang macapat
Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
281–282 dari 722
1.115–1.116 dari 3.190
11.149–11.158 dari 31.891
| 281.052 | Kang mèlu kadusan yayi | sipat tulise punika | kang sipat adam ta rêke | sipat kang mulya kadusan | apan ta wujud tunggal | lan ana roroning wujud | anging Hyang Jatiwisesa || |
| 281.053 | Milane dinusan yayi | ngèstokkên turuning Johar | kang ingaran Johar mangke | banyu-urip pinangkanya | tiba ing bumi rahmat | iku mulane rumuhun | karane wajib dinusan || |
| 281.054 | Lan tuwan jinabad iki | pintên kèhe mukaranah | pintên prakara ta rêke | ingkang aran mukaranah | lan parluning jinabad | nuwun jinatèn wakingsun | parluning jinabad ika || |
| 281.055 | Kang dhingin banyu kang suci | angulapi najis ana | ingkang akaram badanne | kapindho tibaning niyat | kaping tigane ika | karêp maratakkên iku | banyu sakèh badannira || |
| 281.056 | Ing mukaranahe singgih | sakawan kathahe ika | kang rumiyin iku mangke | Ngalam Mutapèk punika | lawan kaping kalihnya | Ngalam Dakir ta puniku | Ngalam Salap kaping tiga || |
| 281.057 | Ngalam Muni ta puniki | jangkêpe patang prakara | sakala anduduk alon | ingkang suntênga punika | marma sampun amisah | wong èstri kalawan kakung | ing donya têkèng akerat || |
| 281.058 | Aranning wong Dat kakalih | milane tunggal saaran | para lawan mara mangke | ing wijine lanang ika | lan paran ananingwang | lan rêke ananirèku | roro dadiya satunggal || |
| 281.059 | Ananira iku singgih | klawan ananingsun ika | upamane sêkar mangke | asrah wawangine ika | kaya anggane wayang | tingale maring Datipun | osike kanthi wong lanang [4: 113] || |
| 282. Kinanthi | |
| 282.001 | Nyai dêmang[1] Puspamrêdu[2] | kacondhongan ing panggalih | wus lama pangantinira | saking pratignyane nguri[3] | satilare lakinira | Nyi Dêmang duhkitèng kapti || |
| 282.002 | Kacuwan sihirèng kakung | wayang-wayung sru rudatin | lami-lami darbe cipta | prasêtya tan arsa krami | kalamun tan antuk priya | têtêpira gurulaki || |
1.115–1.116 dari 3.190
| 1 | Demang. (kembali) |
| 2 | Puspamadu. (kembali) |
| 3 | nguni. (kembali) |