Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
15–16 dari 46
86 dari 277
851–860 dari 2.770
15.034 tansah winangwang-wangwang kang warni | de sang nata sira Radèn Bondhan | amalêsi ing sêmune | trahing kusuma Ratu | Brawijaya angandika ris | sun pundhut anakira | sumăngga ki buyut | alah sira parakêna | ring samitra Ki Gêdhe ing Tarub mangkin | buyut matur sandika ||
15.035 gya pinatêdhan dhuwung kêkalih | waos satunggil de Brawijaya | waos aran Ki Palèrèd | dening namaning dhuwung | Ki Maesa Nular satunggil | kang satunggil malela | dhuwung kalih wau | apan sampun katampenan | mring dyan Jaka katiga waos satunggil | Dyan Bondhan suka ring tyas ||
15.036 ri wus pinaring dhuwung kêkalih | waos satunggal Rahadèn Jaka | de sang nata jêngkar age | angadhaton sang prabu | kae Buyut Masahar mulih | kalawan Radèn Bondhan | anjujug ing Tarub | ya ta ana wong bêbegal | wong kêkalih sami angadhang ing margi | amatyani sopana ||
15.037 Radèn Bondhan angandika aris | ika bapa ana wong bêbegal | ki buyut upêtan[1] age | ana soring palumpung | Radèn Bondhan dipun kalihi | sinudukan tan pasah | kang begal lingnya sru | lah mara kita malêsa | marang ringwang rahadèn gya narik kêris | rikang wak-awak waja [159] ||
15.038 Radèn Bondhan nibakkên prajangji | iya benjang anak putuningwang | ayya na ingkang angangge | kang kadi dhuwung ingsun | awak-awak waja puniki | lêstari lampahira | ing Tarub jinujug | dyan ing mangke kawarnaa | Kyai Agêng ing Tarub ingkang ginupit | kang kasmaran ing garwa ||
16. Asmarandana
16.001 Atmajanira pawèstri | awayah pangrusak taman | Rara Nawangsih namane | warnanya yu tanpa sama | langlung[2] dinama-dama | mangkana Ki Agêng Tarub | aris dènnya angandika ||
16.002 kita têtêbaha nini | lawan angglara kalasa | alah ta nini dèn age | ri mangkya ana dhatêngan | apan using kusuma | kalawan wijiling ratu | lawan êmbane satunggal ||
16.003 agêpah Rara Nawangsih | sampun anggêlar kalasa | datan antara dhatênge | Rahaden Bondhan Kajawan | lawan Buyut Masahar | ri sampun tata alungguh | Ki Agêng Tarub ngandika ||
16.004 lah kita lungguha kaki | kusuma kang lagi prapta | bagea kita rahadèn | angling Ki Buyut Masahar | inggih ulun anêdha | sangking panambrame[3] wiku | datan sagêd mangsulana ||
16.005 mila ulun dhatêng ngriki | ingutus de Brawijaya | anrahakên atmajane | inggih dhatêng ing paduka | măngsa borong ing karsa | gèn kita mulang amuruk | mring Radèn Bondhan Kajawan ||
86 dari 277

 


1 umpêtan. (kembali)
2 langkung. (kembali)
3 panambramèng. (kembali)