Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
11 dari 46
60–61 dari 277
598–607 dari 2.770
| 11.108 | pun Supala lawan pun Supali | angêmbat lawung anumbak lêmah | kurang mungsuh ing nityane | anandêr anglir nêmpuh | amrih nir tyasing kang lumaris | pun Supali gya mojar | maring kakangipun | kakang Supala ngong mulat | wong lumampah ring ngayun ika kêkalih | iku yogya maling wang || |
| 11.109 | Radèn Usèn sigra dènira ngling | kakang Patah ana wong bêbegal | ing ngayun ika kêkalèh | angadhangi dalanggung | lah ta kakang dèn yitna ugi | mirea ingkang kiwa | ulun apan purun | wong roro angêmbarana | tan antara kang ambêbegal gya prapti | Supali lan Supala || |
| 11.110 | nulya mêgati mring radèn kalih | hèh wong ngêndi roro liwat |[1] nèng Wanantara ing kene | lan ta sapa jênêngmu | Radèn Usèn nulya sira ngling | lah sira silih sapa | angadhang dalanggung | aja sira [110: si...ra] salah karya | lah mirea ingsun pan arsa lumaris | aja ngandhêg wong liwat || |
| 11.111 | jênêng ingsun Supala Supali | kang duwèni alas Wanantara | sun gawe pangan sêdhênge | amêgati dalanggung | sing wong liwat ingsun dhèdhèli | ing sang panganggeneka | tumbak lawan dhuwung | iku pasthi duwèningwang | hèh wong roro aja kakêhan dera ngling | lah tilara busana || |
| 11.112 | Radèn Usèn sigra dènira ngling | hèh Supala Supali tan suka | sira ingsun jaluk age | saha panganggèn ingsun | sun rewangi sabaya pati | mêngko pêksa dera lap | sangking angganingsun | yèn ingsun uwus palastra | karsanira agya Supala Supali | sigra kalih narajang || |
| 11.113 | Radèn Usèn dèn cêkêl tan kêni | kinêmbulan wong roro aniba | kasaliring ing tindake | jongor untunya runtuh | tan ngrasa Supala Supali | tangi nulya narajang | anuduk pan luput | pama kadi wêwayangan | Radèn Usèn pangadêgira tan gingsir | tinêngên myang kiniwa || |
| 11.114 | panuduke tuna tibèng siti | burangkangan pan kêna ing parat | lumpuh dumuh citrakane | sêsambatnya mlasayun | apuranên ulun dosèki | yyan ulun waluyaa | kadi ingkang dangu | punagi ulun ngawula | dhatêng kita sak ênggon kita tut wuri | tulus dadi abdinya || |
| 11.115 | Radèn Usèn sigra dènnya angling | kakang Patah punapa rèhira | si begal iki ature | Radèn Patah [111] sumaur | ari Usèn lamon prayogi | Si Supali Supala | warasêna iku | muliha ing wismanira | ingkang dhingin mirsa Supala Supali | citrakanira sirna || |
| 11.116 | Radèn Patah ciptanira ngati | aparêng lawan karsaning Suksma | andhatêngi barat gêdhe | mêsês anginya umyus | anub wraksa bayu bajraning | sêmpal pang kaparapal | rug kang kayu êpuh | sakyèhing wraksa tan ana | tan antara pun Supala lan Supali | katub dening maruta || |
| 11.117 | mring gêgana Supala Supali | uwus têka anèng mêdya gantang | saalap-alap gêdhene | lamun sira dinulu | nulya sira salab wulati | tan antara Supala | Supali gya mudhun | tumiba ing wismanira | sarasane lwir munggwing kasur gêguling | agrah lir kinêpêtan || |
60–61 dari 277
| 1 | Kurang dua suku kata: hèh sira wong ngêndi roro liwat. (kembali) |