Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 46
50–51 dari 277
500–509 dari 2.770
11.010 lêng cangkrama ngalun-alun ngriki | anggêrit miwah ambêburua | sangsam kidang myang banthènge | ulun inggih pan sanggup | nêkakêna buron sakèhing | ing wana kaburonan | praptèng alun-alun | Sang Brawijaya ngandika | rare cili panakawan sanggup bangkit | iya sun antya sira ||
11.011 nahing yyan kita madyayèng ring ling | masthi ngong pisah jăngga murdanya | saha carmanya ngong sèsèt | tinona ngalun-alun | ring sakwèh wadya Maospait | lah ta Dilah kesaha | dèn agya praptèku | Ki Dilah amit manêmbah | nulya kesah tumama sirèng wanadri | prapta unggyaning yayah ||
11.012 ni rasêksi kagyat aningali | ri kang suta nulya tinangasan |[1] pinêkul suta janggane [88: jangga...ne] | ni rasêksi amuwus | hèh Ki Dilah baya tanpolih | sumiwi ring narendra | Natèng Majalangu | baya karuntikan sira | sutanira Ki Dilah nauri kang ling | kinongkon ulun biyang ||
11.013 anggiringa sato lan sakèhing | dhatênga ing alun-alun ika | iku sang nata karsane | ni raseksi amuwus | lah Ki Dilah muliha aglis | ingsun kang anggiringa | maring alun-alun | sakyèh ri kang sato alas | andêlêna biyangira anèng wuri | nuwuki karsèng nata ||
11.014 sutanira Ki Dilah nulya mit | sigra mêsat tumamèng nagara | praptèng ing alun-alune | Sang Natèng Majalangu | ri sêdhênging siniwi mantri | anèng ing pagêlaran | Ki Dilah kadulu | ingiring ing sato wana | sangsam kidang maesa banthèng lan kancil | samya munya sadaya ||
11.015 yèn janmaa padha sira angling | ngaturakên pêjah gêsangira | sumăngga ing sakarsane | mring Natèng Majalangu | sira Dilah umatur aris | dhuh sang sri naradipa | ngaturakên ulun | atur sakyèh sato alas | pan sumăngga ing sakarsaning Nrêpati | Brawijaya narima ||
11.016 nulya mangkat lawan para rabi | sami nitihi padhati sinang | Ki Jêbat Bètri arane | sangsam ginêrit sampun | Brawijaya sukaniranting [89: sukani...ranting] | salaminya anggangsang | tan kadya puniku | kasukanira nèng dunya | katingalan Ki Dilah kang dadi margi | suka Sang Brawijaya ||
11.017 pinakolih Ki Dilah pakarti | mapan sira kinulawisuda | jinunjung mantri lungguhê | jinênêngakên sampun | Arya Damar sinung nagari | tanah sabrang Palembang | apan dadi ratu | binaktan wadya salêksa | sangking Jawa ingakên putra nrêpati | dibya pan kinasihan ||
11.018 ri sampunya sasmita rumiyin | kang kocapa Risang Putri Cina | ingaturkên sang natane | dening Raja Cinèku | lêwih ayu citra sang putri | yèn ngumbe maya-maya | gêdhah isi madu | upama miwaha jênar | yèn adhahar katingal upan-upaning | lwir widadari kêndran ||
11.019 Brawijaya sukanira ênting | sinêngkakakên Sang Putri Cina | wus dadya grahanira nèm | ing tyas kamulènipun | pramèswari ing Darawati | grahanira kang tuwa | apan ing sih kantun | pramèswari sigra mular | nuhun pêgat ulihna ing yayah bibi | pan ingsun putri Cêmpa ||
50–51 dari 277

 


tinangisan. (kembali)