Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 46
61 dari 277
601–610 dari 2.770
11.111 jênêng ingsun Supala Supali | kang duwèni alas Wanantara | sun gawe pangan sêdhênge | amêgati dalanggung | sing wong liwat ingsun dhèdhèli | ing sang panganggeneka | tumbak lawan dhuwung | iku pasthi duwèningwang | hèh wong roro aja kakêhan dera ngling | lah tilara busana ||
11.112 Radèn Usèn sigra dènira ngling | hèh Supala Supali tan suka | sira ingsun jaluk age | saha panganggèn ingsun | sun rewangi sabaya pati | mêngko pêksa dera lap | sangking angganingsun | yèn ingsun uwus palastra | karsanira agya Supala Supali | sigra kalih narajang ||
11.113 Radèn Usèn dèn cêkêl tan kêni | kinêmbulan wong roro aniba | kasaliring ing tindake | jongor untunya runtuh | tan ngrasa Supala Supali | tangi nulya narajang | anuduk pan luput | pama kadi wêwayangan | Radèn Usèn pangadêgira tan gingsir | tinêngên myang kiniwa ||
11.114 panuduke tuna tibèng siti | burangkangan pan kêna ing parat | lumpuh dumuh citrakane | sêsambatnya mlasayun | apuranên ulun dosèki | yyan ulun waluyaa | kadi ingkang dangu | punagi ulun ngawula | dhatêng kita sak ênggon kita tut wuri | tulus dadi abdinya ||
11.115 Radèn Usèn sigra dènnya angling | kakang Patah punapa rèhira | si begal iki ature | Radèn Patah [111] sumaur | ari Usèn lamon prayogi | Si Supali Supala | warasêna iku | muliha ing wismanira | ingkang dhingin mirsa Supala Supali | citrakanira sirna ||
11.116 Radèn Patah ciptanira ngati | aparêng lawan karsaning Suksma | andhatêngi barat gêdhe | mêsês anginya umyus | anub wraksa bayu bajraning | sêmpal pang kaparapal | rug kang kayu êpuh | sakyèhing wraksa tan ana | tan antara pun Supala lan Supali | katub dening maruta ||
11.117 mring gêgana Supala Supali | uwus têka anèng mêdya gantang | saalap-alap gêdhene | lamun sira dinulu | nulya sira salab wulati | tan antara Supala | Supali gya mudhun | tumiba ing wismanira | sarasane lwir munggwing kasur gêguling | agrah lir kinêpêtan ||
11.118 Radèn Usèn sigra denira ngling | kakang Patah yèn prayoga kita | lah kesah sangking ring kene | ing pasisir jinujug | nêdha ngadhang juragan sami | mênawa ana liwat | nêdha padha nunut | Radèn Patah kaprayoga | ing ature Radèn Usèn ingkang rayi | sigra nulya lumampah ||
11.119 radèn kalih sangang dinèng margi | Wanantara tan boga anendra | angungang gunung ujunge | pasisir pan kadulu | ri kang gunung ngungang jaladri | ujung pan kaunggahan | dening robing ranu | mapan asri katingalan | ri pantêse dadya unggyaning abrangti | radèn kalih kacaryan [112: ka...caryan] ||
11.120 tatkalayar prapta anèng giri | Rasyamuka tilasing patapan | ingagenan radèn kalèh | wraksa aking angaub | tigang căndra radèn tan gingsir | wraksa aking apatra | angaubi sampun | ana juragan alayar | ing samodra parau kandhêg tan gingsir | ki juragan kampita ||
61 dari 277