Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
11 dari 46
64 dari 277
631–640 dari 2.770
| 11.141 | Susuhunan Ngampèldênta angling | kae putu ulun datan samar | yèn kita dika mulane | pantês trahing wong agung | pangulataning nala mami | sun têngahing watara | katimbang ing tanduk | kapanggihing panalika | laku linggih solah mona lawan muni | minăngka [117: minăng...ka] panêngêran || |
| 11.142 | Radèn Patah sigra dènnya angling | hèh sang wiku lah kadi punapa | ing janma di panêngrane | candhi purana gêmpur | pracinane tan ana kari | Pandhita Ngampèl mojar | Cinane pandulu | yakti kabayaning ujar | pangucape yakti kabayaning ati | tyas kabayaning Suksma || |
| 11.143 | suksmaning sarira ya sarining | ring buwana swabawanya tekang | ing kalbu kalairane | kalairaning kalbu | nyatèng naya nitya nampani | sawadining wrêdaya | nitya wahyanipun | ing wêcana gènnya wêdhar | pasthi kono panêngrêraning janmi di | widêgdèng cipta maya || |
| 11.144 | Radèn Patah nêmbah mring sang yêkti | pan kakênan saciptaning rasa | sang maha yakti dan linge | anêmbah radèn putu | maring ulun sira puniki | pira lwiring anêmbah | yyan tan wruhèng tuduh | lwir anêmbah tawang-tuwang | tan sampurna gènira manjing astuti | wacananira bakal || |
| 11.145 | Radèn Patah malingsêm ing ati | amiyarsa panêbdèng pandhita | tan mantrèng wadi gatine | pan papakaning tanduk | lawan warah wara numungsi | karuhun ing agama | gumanti sinêkung | anggagap ing gita baya | dêmi tan mantrèng punika sipi dening | yèn dadia sujana || |
| 11.146 | lwir katurunan lelatul kadri | samene kapustakèng wardaya | durung tumon salamine | kang têka jlêg anulus | kang tan lawan ataki-taki | lamon ta anging iya | bisa [118: bi...sa] tan winuruk | pan nanging nayakaningrat | satêrahe têrusing măngsa mangkyèki | tan ana mangkanaa || |
| 11.147 | Radèn Patah matur ing sang yêkti | ulun iki byakta jarwanana | sêmbah ingkang sampurnane | sigra mojar sang wiku | kang sinêmbah ingkang rumiyin | bapa dening kang yoga | kaping kalih guru | karane guru sinêmbah | nampurnakkên ing ngèlmunira sajati | gusti kang kaping tiga || |
| 11.148 | prakarane sinêmbah kang gusti | dening purba lawan amisesa | kaping pat ing mratuwane | karan sinêmbah putu | dening awèh rasa jati |[1] kaping lima sinêmbah | sanak tuwa iku | dening gêgantining yayah | iya iku padha unggwan pangabêkti | iku kang katarima || |
| 11.149 | Radèn Patah micarènging ati | sang pandhita iki pan waspada | widêgdèng sawêcanane | dahat yyan janma luhung | sang pandhita nauri aris | karaningsun waspada | maring sira putu | tan beda lan raganingwang | ya lêlana atilar ing yayah bibi | subrata mati rêraga |[2]| |
| 11.150 | ulun iki dudu ing wong Jawi | putranira sang putri ing Cêmpa | bapaningsun sangking tulèn | trêrah nabi panutub | angajawa ingkang kêkasih | Makdum Brahim Asmara | apan kandhêg iku | ana ing nagara Cêmpa | rabi putri owah ping pitu kang warni | iku aputra ringwang || |
64 dari 277
| 1 | Kurang satu suku kata: dening awèh rasa sajati. (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata: subrata mati raga. (kembali) |