Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
11 dari 46
65 dari 277
641–650 dari 2.770
| 11.151 | kang atuwa warnane sang putri | ing sadina pan owah [119: o...wah] ping lima | uwak ingsun ing bênêre | ingkang kalap sang prabu | tanah Jawa ing Majapait | purwaningsun ngajawa | kinon dening ibu | atinjo maring si uwa | kang sun tilar ing Cêmpa sampun kawatir | gêmpur de wong pratokal || |
| 11.152 | nulya ingsun kinon dèn rama ji | Majalangu rabi lawan suta | Dipati Wilatiktane | wisma kinon ing ulun | Ngampèldênta dhêkah ing ngriki | kinon dadia iman | ing masigit agung | ingiring wong Surabaya | marmanira wong Jawa Sêlam rumiyin | sarta kinon sang nata || |
| 11.153 | sakathahe kang Sêlam wong Jawi | nora winangênan de sang nata | sagêlême manjing dhewe | kan tan purun puniku | manjing Islam nora winardi | dene sri naranata | wong Jawa puniku | sakyèh kang milwa maringwang | ingkang Sêlam kabèh sakèhe wong Jawi | pan maksih padha kopar || |
| 11.154 | ulun iki pandhita ngajawi | amêmocok dudu duweningwang | dening sih rama ji akèh | mulane kandhêg ingsun | anèng Jawa kaprêman bumi | beda lawan pakara | wong Jawa satuhu | saturune duwe Jawa | pakanira wus pinêsthi dening Widi | amurwèng Raja Sêlam || |
| 11.155 | lawan sira sapa kang wêwangi | taksis ulun yyan tan jarwanana | ing sasmitanira dhewe | Radèn Patah umatur | wasta ulun pun Patah nênggih | pun Usèn ariningwang | singgih [120] jênêngipun | radèn kalih samya nêmbah | mring pandhita tumama angguru nênggih | agamanira Islam || |
| 11.156 | Radèn Patah lami tan winarni | anèng Ngampèl Radèn Usèn mojar | kakang Patah nêdha age | ngawula Majalangu | nutugakên sasmitèng nguni | Radèn Patah gya mojar | bênêr ariningsun | sira mèlingakên ringwang | dening lami ulun angguru sang yogi | jênênging Ngampèldênta || |
| 11.157 | ulun iki Islam pan wus manjing | ing agama bêcik kawêkasan | purwane jagad kang angrèh | eman Islamipun |[1] angawula ratu kang kapir | ari yyan sira arsa | ngawulaa iku | ing Majapait mangkata | sun amini sêdyanira dadi mantri | pracayèng praja wira || |
| 11.158 | Radèn Usèn sigra angabêkti | mring kang raka sira Radèn Patah | lêlinggihan sigra lèngsèr | Radèn Usèn tumanduk | sigra mangsah mring Majapait | ri sêdhêng Brawijaya | miyos siti luhur | sineba sagunging wadya | asri tinon upama parwata sari | ramya ing pagêlaran || |
| 11.159 | Radèn Usèn tumama wus prapti | madyanira ngalun-alun ika | sasor waringin kurunge | palungguhira bukuh | pan masila mangrêpa iki | muka konjêm pratala | anulya kadulu | dènira Sang Brawijaya | sigra mojar mudhuna sira apatih | wong dhedhe takonana || |
| 11.160 | nulya mudhun Gajahmada Patih | prapta madya ngalun-alunira | cundhuk lawan Radèn Usèn | Gajahmada anguwus | wong ing [121] ngêndi sira puniki | adhedhe madyanira | rêke ngalun-alun | lawan sapa jênêngira | Radèn Usèn umatur dhatêng ki patih | pun Usèn namaningwang || |
65 dari 277
| 1 | Kurang satu suku kata: eman de Islamipun. (kembali) |