Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 46
66–67 dari 277
658–667 dari 2.770
11.168 tan antara Radèn Patah kawin | lan ingkang wayah sang apandhita | Nyai Gêdhe Malokane | ingkang adarbe sunu | pambayune ingkang pinanggih- | akên lan Radèn Patah | dadi jodhonipun | alami datan winarna | Radèn Patah matur ing sang maha yakti | ulun pradikakêna ||
11.169 tinêdahna kawula puniki | unggwan ingwang jênêk dhêdhukuha | kang pundi Wanantarane | Susunan Ngampèl muwus | lah ngulana bênêr sirèki | yèn ana Wanantara | galagahe [123] arum | ywèku adi unggwanana | Wanantara anènggih benjing ing wuri | dadya nagara gêmah ||
11.170 Radèn Patah manêmbah nulya mit | anglampahi duduhing pandhita | tumanduk radèn angilèn | anêrak ing wana gung | madyanira nulya kapanggih | galagahnya kawiyak | gandanya mrik arum | rahadyan nulya araryyan | Wanantara anênggih wastanirèki | ya wana ing Bintara ||
11.171 Radèn Patah tataruka aglis | babad alas sampun dhinukuhan | anjênêngakên masjide | dadya Jumungah agung | têpis iring ingkang dhatêngi | dadya wisma Bintara | mapan manjing guru | sumuyud ing Radèn Patah | dadya gêmah wana ing Bintara mangkin | kasusra nagri liyan ||
11.172 datatita lingira ing nguni | dyan kocapa Risang Brawijaya | Majapait nagarane | siniwi lêmahdhuwur | singasana manik alinggih | pinatik nawa rêtna | alêlamak babut | pêpêk santana lan putra | Angabèi Tumênggung Arya Dipati | Răngga Dêma[1] lan tăndha ||
11.173 Brawijaya sigra dènnya angling | hèh sang juru tênung lan tabibah | lawan si juru ujume | benjang sapungkur ingsun | apa ana ingkang gêntèni | satêrah-têrah ingwang | ana Majalangu | jumênênga Brawijaya | kadya ingsun lah jawabên dèn sayêkti | juru tênung aturnya ||
11.174 hèh sang nata kantun tigang siki | titis mêdhak pasthi dadi nata | gumantya nata jênênge | pan dados ratu agung [124: a...gung] | lan ing têmbe ngalih nêgari | ing satêrah sang nata | ing Mataram nênggung | kèdhêp sakyèh ratu Jawa | padha seba anênggih dhatêng Mêntawis | prabu tan pasisingan |[2]|
11.175 sri narendra luwaran tinangkil | pan tumama sirèng ngabyantara | widêgdèng nata prabune | sigra sira macundhuk | lawan putri ing Darawati | tan kawarnaa sira | akaroron lulut | warnanên mangke sang nata | gêrah sangêt rajasinganên nêrpati | alama tan sineba ||
11.176 sakyèh usada tan anêdhasi | gêrahira sampun tigang căndra | tan ana ika sênggange | ing wayah tabuh têlu | amiyarsa swara tan kaksi | wau sri naranata | kang swara sabda rum | arsa ta sira waluya | hèh sang nata sakitira iku ugi | anganggea wong Wandhan ||
11.177 angulatana wong Wandhan kuning | samangsa rêke sira anggea | pinasthi waras sakite | kagyat tumulya wungu | sri narendra ing Maospait | ya kinèn ngulatana | wong Wandhan nulya nut | babêktan sangking ing Cêmpa | parêkane nimas Ratu Darawati | bêboyongan sing Wandhan ||
66–67 dari 277

 


1 dêmang. (kembali)
2 pasingsingan. (kembali)