Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
11 dari 46
67–68 dari 277
667–676 dari 2.770
| 11.177 | angulatana wong Wandhan kuning | samangsa rêke sira anggea | pinasthi waras sakite | kagyat tumulya wungu | sri narendra ing Maospait | ya kinèn ngulatana | wong Wandhan nulya nut | babêktan sangking ing Cêmpa | parêkane nimas Ratu Darawati | bêboyongan sing Wandhan || |
| 11.178 | cinarita putri Wandhan Kuning | kamulane anèng nagri Cêmpa | duk kala Wandhan bêdhahe | ya sira sang prabu |[1] punang Wandhan dipun sarèni | sapisan nulya waras | gêrahe sang prabu | salaminira sang nata | anarèni ing kênya [125] tan kadi mangkin | ing mangke kang sarira || |
| 11.179 | anulya wawrat Sang Wandhan Kuning | sampun lama jangkêping sêmaya | saksana babar putrane | jalu warnanya bagus | cahyanira amindha sasi | sêdhênge sasadara | wus katur sang prabu | yèn Ni Wandhan Kuning babar | miyos jalu warnanira pan apêkik | cahya anglwir sasăngka || |
| 11.180 | sigra pinundhut kang jabang bayi | de sang nata anulya winangwang | tuhu yèn bagus rupane | angandika sang prabu | maring bala ing Maospait | lah sira timbalana | ri samitraningsun | sira Ki Buyut Masahar | juru sawahira mangke sang nrêpati | sigra prapta ngayunan || |
| 11.181 | Brawijaya sigra dènnya angling | hèh sang buyut sira ing Masahar | ambilên jabang bayine | sira aweha sunu | apan sira nora nganaki | wêkas ingsun mring sira | yèn jangkêp sawindu | rare iku patènana | ayya sira lwirwa ing ubaya mami | sun supatani sira || |
| 11.182 | karananya wêkas ingsun gati | maring sira ing sang rare jabang | si juru tênung tabibe | pinêca dadi ratu | lan angrusak ing jênêng mami | Ki Buyut ing Masahar | sigra amit mantuk | kang jabang bayi binêkta | praptèng wisma ni buyut egar kang ati | amanggih anak lanang || |
| 11.183 | warnanira dinulu apêkik | mapan tusing subrata kusuma | nyai buyut langkung sihe | dènira darbe sunu | pan dinadah dinulang nênggih | esuk sore karêksa [126] | myang pangrêksanipun | ni buyut pinăncawara | olahira kadi bêbêle pribadi | ing dalu kinêmitan || |
| 11.184 | anak putu ingkang sami kêmit | sarupane tiyang pasawahan | kang jalu kêmit dalune | kang èstri mara esuk | miwah sore sami nyênyangking | anggawa pon-êmpon |[2] lawan lisahipun | miwah ambêkta dhêdharan | pan akathah gumrêrah kang ngladèni |[3] ing dalu lawan siyang || |
| 11.185 | gêdêring wong lwir adarbe kardi | kyai buyut langkung sukanira | amarwarta tyase |[4] ya ta pan sampun puput | jabang bayi dipun wastani | Radèn Bondhan Kajawan | dènira ki buyut | kang jabang bayi sêmana | lwir ginege glis agêng kathah kang warsi | aumur kawan warsa || |
| 11.186 | laminira jangkêp pitung warsi | Radèn Bondhan Kajawan punika | ki buyut aswèng rabine | anakira ki buyut | pan andukap ing pitung warsi | wêwêkase sang nata | yèn jangkêp sawindu | umure atmajanira | ingsun kinèn matèni putranirèki | jrih ulun sinupatan || |
67–68 dari 277
| 1 | Kurang satu suku kata: ya sira sang aprabu. (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: anggawa pon-êmponan. (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata: pan akathah gumêrah ingkang ngladèni. (kembali) |
| 4 | Kurang dua suku kata: amarwata suta tyase. (kembali) |