Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
11 dari 46
68–69 dari 277
678–687 dari 2.770
| 11.188 | nyai buyut [127: buyu...t] kantaka tan sipi | kyai buyut kandhêg karsanira | anon kalêmpêr rabine | angucap ing tyasipun | yèn sidaa ingsun pêjahi | anak ingsun Ki Bondhan | rabiningsun lampus | pindho papa awak ingwang | suta mati rabiningsun uga mati | lupèng rèh janma tama || |
| 11.189 | kyai buyut agya amarani | ribinira anulya ingêmban | ki buyut aris wuwuse | rabinisun ni buyut | anglilira sira dèn aglis | sun idhêp sabdanira | anakira wurung | gèn ingsun sêdya piala | nyai buyut anulya sira anglilir | putranira kinuswa || |
| 11.190 | kyai buyut ing Masahar angling | yèn mêngkono yayi karsanira | lah karia sira mangke | ingsun mring kitha iku | arsa matur marang sang aji | ayya katingal lwirwa | ing ubaya ingsun | sarèh ingsun ing ubayan | bok iyaa ingsun karsa manising ling | panulake nakira || |
| 11.191 | sun aturêne yèn sampun mati | anakira Ki Bondhan Kajawan | dèn abêcik rumêksane | anulya lumastantun | Kyai Buyut Masahar aglis | malêbèng ing jro kitha | nênggih Majalangu | agya dènira lumampah | sigra prapta ing Majapait nagari | sang nata sinewaka || |
| 11.192 | pêpêk sagung santana myang mantri | lan punggawa miwah para putra | atap ing pagêlarane | asri lamun dinulu | wadyanira ing Majapait | Ki Buyut ing Masahar | mangsêh ngalun-alun | asinggih [128] ing panangkilan | masilanya mangrêpa tumungkul nênggih | nêmbah cundhuk sang nata || |
| 11.193 | jabang bayi apan sampun lalis | ulun tuhu sabdaning narendra | sampun tutug ing umure | jangkêping pitung taun | ri sang nata ing Maospait | sigra dènnya ngandika | tarima ngong Buyut | Masahar pracayanira | maring mami atma rêksa prasêtyaning | têmên-tên kang mucap |[1]| |
| 11.194 | uwus eca tyasing ulun iki | jabang bayi ing mangke pralina | hèh wong mantriningsun kabèh | sira padha angrungu | ing wartane wana anênggih | ing Bintara punika | ana wong dhêdhukuh | malah kasub ing nagara | dèn arani sadu dibya kusuma di | subrata mati ngraga || |
| 11.195 | Adipati Têrung matur aris | hèh sang nata sadhèrèk kawula | Bintara padhêkahane | madyantara wana gung | risang nata anulya angling | Dipati Têrung sira | timbalana iku | marang kita kakangira | lah dèn agya ingsun arsa apêpanggih | lah mintara dèn agya || |
| 11.196 | Adipati Têrung nêmbah amit | sigra mêsat agya lampahira | ingiring salêksa wonge | swara wadya lumaku | pan kumutug lir lisus angin | tumama Wanantara | ing Bintara rawuh | mangsah cundhuk kakangira | Radèn Patah alinggih anèng surambi | ingayab ing sahabat || |
| 11.197 | Adipati ing Têrung ngabêkti | nulya nêmbah tumungkul [129: tumungku...l] mangrêpa | andhêku ing palungguhe | nulya sira umatur | kakang Patah ulun puniki | dinutakên sang nata | rêke Majalangu | kita kakang ingandikan | de sang nata pinarêk ing Majapait | sang natarsa pangguha || |
68–69 dari 277
| 1 | Kurang satu suku kata: têmên-têmên kang mucap. (kembali) |