Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 46
68–69 dari 277
673–682 dari 2.770
11.183 warnanira dinulu apêkik | mapan tusing subrata kusuma | nyai buyut langkung sihe | dènira darbe sunu | pan dinadah dinulang nênggih | esuk sore karêksa [126] | myang pangrêksanipun | ni buyut pinăncawara | olahira kadi bêbêle pribadi | ing dalu kinêmitan ||
11.184 anak putu ingkang sami kêmit | sarupane tiyang pasawahan | kang jalu kêmit dalune | kang èstri mara esuk | miwah sore sami nyênyangking | anggawa pon-êmpon |[1] lawan lisahipun | miwah ambêkta dhêdharan | pan akathah gumrêrah kang ngladèni |[2] ing dalu lawan siyang ||
11.185 gêdêring wong lwir adarbe kardi | kyai buyut langkung sukanira | amarwarta tyase |[3] ya ta pan sampun puput | jabang bayi dipun wastani | Radèn Bondhan Kajawan | dènira ki buyut | kang jabang bayi sêmana | lwir ginege glis agêng kathah kang warsi | aumur kawan warsa ||
11.186 laminira jangkêp pitung warsi | Radèn Bondhan Kajawan punika | ki buyut aswèng rabine | anakira ki buyut | pan andukap ing pitung warsi | wêwêkase sang nata | yèn jangkêp sawindu | umure atmajanira | ingsun kinèn matèni putranirèki | jrih ulun sinupatan ||
11.187 nyai buyut sigra dènnya angling | kaki buyut suta pakanira | Ki Bondhan Kajawan Radèn | wus dadi manah ingsun | lamun sira ngalapa pati | pan ingsun patènana | dènira karuhun | ki buyut narik curiga | tarkanira mring Radèn Bondhan sayêkti | nyai buyut aniba ||
11.188 nyai buyut [127: buyu...t] kantaka tan sipi | kyai buyut kandhêg karsanira | anon kalêmpêr rabine | angucap ing tyasipun | yèn sidaa ingsun pêjahi | anak ingsun Ki Bondhan | rabiningsun lampus | pindho papa awak ingwang | suta mati rabiningsun uga mati | lupèng rèh janma tama ||
11.189 kyai buyut agya amarani | ribinira anulya ingêmban | ki buyut aris wuwuse | rabinisun ni buyut | anglilira sira dèn aglis | sun idhêp sabdanira | anakira wurung | gèn ingsun sêdya piala | nyai buyut anulya sira anglilir | putranira kinuswa ||
11.190 kyai buyut ing Masahar angling | yèn mêngkono yayi karsanira | lah karia sira mangke | ingsun mring kitha iku | arsa matur marang sang aji | ayya katingal lwirwa | ing ubaya ingsun | sarèh ingsun ing ubayan | bok iyaa ingsun karsa manising ling | panulake nakira ||
11.191 sun aturêne yèn sampun mati | anakira Ki Bondhan Kajawan | dèn abêcik rumêksane | anulya lumastantun | Kyai Buyut Masahar aglis | malêbèng ing jro kitha | nênggih Majalangu | agya dènira lumampah | sigra prapta ing Majapait nagari | sang nata sinewaka ||
11.192 pêpêk sagung santana myang mantri | lan punggawa miwah para putra | atap ing pagêlarane | asri lamun dinulu | wadyanira ing Majapait | Ki Buyut ing Masahar | mangsêh ngalun-alun | asinggih [128] ing panangkilan | masilanya mangrêpa tumungkul nênggih | nêmbah cundhuk sang nata ||
68–69 dari 277

 


1 Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: anggawa pon-êmponan. (kembali)
2 Kurang satu suku kata: pan akathah gumêrah ingkang ngladèni. (kembali)
3 Kurang dua suku kata: amarwata suta tyase. (kembali)