Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
11 dari 46
69–70 dari 277
685–694 dari 2.770
| 11.195 | Adipati Têrung matur aris | hèh sang nata sadhèrèk kawula | Bintara padhêkahane | madyantara wana gung | risang nata anulya angling | Dipati Têrung sira | timbalana iku | marang kita kakangira | lah dèn agya ingsun arsa apêpanggih | lah mintara dèn agya || |
| 11.196 | Adipati Têrung nêmbah amit | sigra mêsat agya lampahira | ingiring salêksa wonge | swara wadya lumaku | pan kumutug lir lisus angin | tumama Wanantara | ing Bintara rawuh | mangsah cundhuk kakangira | Radèn Patah alinggih anèng surambi | ingayab ing sahabat || |
| 11.197 | Adipati ing Têrung ngabêkti | nulya nêmbah tumungkul [129: tumungku...l] mangrêpa | andhêku ing palungguhe | nulya sira umatur | kakang Patah ulun puniki | dinutakên sang nata | rêke Majalangu | kita kakang ingandikan | de sang nata pinarêk ing Majapait | sang natarsa pangguha || |
| 11.198 | Adipati ing Têrung dera ngling | Radèn Patah angatag ing sabat | pan kumutug têka kabèh | umikêt mangsah cundhuk | Radèn Patah lumampah aris | tan warnanên ing marga | praptèng Majalangu | agya masuk ing byantara | Radèn Patah kandhêk anèng srimanganti | sang nata kapangguha || |
| 11.199 | sigra mojar Prabu Maospait | maring cèthi mundhuta paesan | pawongan mundhut nulya ge | nulya prapta ing ngayun | tinanggapan dera sang aji | nulya sira kinaca | warnane dinulu | sarupa lan Radèn Patah | kadya lirang anom tan kêna pinalih | suka tyasnya sang nata || |
| 11.200 | Radèn Patah dinuk ing prayogi | laku linggih solah lan pangucap | mênêng kalawan sêmune | sampun padha lan ratu | sri narendra ing Maospait | mojar ing Radèn Patah | sira pan sun aku | tanayaningsun dadia | Radèn Patah manêmbah maring sang aji | ngusap lêbu suku sang || |
| 11.201 | Radèn Patah sampun antuk kardi | angawula kinulawisuda | apan jinunjung lungguhe | jinênêngakên sampun | Adipati Bintara nênggih | sinungan wong salêksa | jinajar alungguh | lan Dipati Têrung padha | arinira [130: arini...ra] anèng pagêlaran sami | liyangan kêndhaga mas || |
| 11.202 | tan warnanên laminira mangkin | Adipati Bintara ngandikan | ing sang nata prapta age | ana ing lêmah dhuhur | sri narendra ing Maospait | mojar maring kang putra | Adipati iku | ing Bintara lah muliha | wismanira wana ing Bintara nênggih | gawanên wong salêksa || |
| 11.203 | gêmahêna dènira wanadri | wirayate ing sapungkur ingwang | dadi nagara agêdhe | iku têmbe anêngguh | purwanira Sêlam nagari | iya iku ing Dêmak | nênggah[1] aranipun | lamun sira anèng wisma | sabên warsa sebaa mring Majapait | yèn ing pêndhak katiga || |
| 11.204 | Adipati Bintara ngastuti | angusapi lêbu ing suku sang | rinangkul suta janggane | ingaras dera sang prabu |[2] Adipati Bintara amit | sigra ngatag ing wadya | dhatêng kêkarutug | marakit bala salêksa | gajah jaran garbong panggrêritan asri | agya dènnya lumampah || |
69–70 dari 277
| 1 | nênggih. (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata: ingaras de sang prabu. (kembali) |