Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 46
69–70 dari 277
682–691 dari 2.770
11.192 pêpêk sagung santana myang mantri | lan punggawa miwah para putra | atap ing pagêlarane | asri lamun dinulu | wadyanira ing Majapait | Ki Buyut ing Masahar | mangsêh ngalun-alun | asinggih [128] ing panangkilan | masilanya mangrêpa tumungkul nênggih | nêmbah cundhuk sang nata ||
11.193 jabang bayi apan sampun lalis | ulun tuhu sabdaning narendra | sampun tutug ing umure | jangkêping pitung taun | ri sang nata ing Maospait | sigra dènnya ngandika | tarima ngong Buyut | Masahar pracayanira | maring mami atma rêksa prasêtyaning | têmên-tên kang mucap |[1]|
11.194 uwus eca tyasing ulun iki | jabang bayi ing mangke pralina | hèh wong mantriningsun kabèh | sira padha angrungu | ing wartane wana anênggih | ing Bintara punika | ana wong dhêdhukuh | malah kasub ing nagara | dèn arani sadu dibya kusuma di | subrata mati ngraga ||
11.195 Adipati Têrung matur aris | hèh sang nata sadhèrèk kawula | Bintara padhêkahane | madyantara wana gung | risang nata anulya angling | Dipati Têrung sira | timbalana iku | marang kita kakangira | lah dèn agya ingsun arsa apêpanggih | lah mintara dèn agya ||
11.196 Adipati Têrung nêmbah amit | sigra mêsat agya lampahira | ingiring salêksa wonge | swara wadya lumaku | pan kumutug lir lisus angin | tumama Wanantara | ing Bintara rawuh | mangsah cundhuk kakangira | Radèn Patah alinggih anèng surambi | ingayab ing sahabat ||
11.197 Adipati ing Têrung ngabêkti | nulya nêmbah tumungkul [129: tumungku...l] mangrêpa | andhêku ing palungguhe | nulya sira umatur | kakang Patah ulun puniki | dinutakên sang nata | rêke Majalangu | kita kakang ingandikan | de sang nata pinarêk ing Majapait | sang natarsa pangguha ||
11.198 Adipati ing Têrung dera ngling | Radèn Patah angatag ing sabat | pan kumutug têka kabèh | umikêt mangsah cundhuk | Radèn Patah lumampah aris | tan warnanên ing marga | praptèng Majalangu | agya masuk ing byantara | Radèn Patah kandhêk anèng srimanganti | sang nata kapangguha ||
11.199 sigra mojar Prabu Maospait | maring cèthi mundhuta paesan | pawongan mundhut nulya ge | nulya prapta ing ngayun | tinanggapan dera sang aji | nulya sira kinaca | warnane dinulu | sarupa lan Radèn Patah | kadya lirang anom tan kêna pinalih | suka tyasnya sang nata ||
11.200 Radèn Patah dinuk ing prayogi | laku linggih solah lan pangucap | mênêng kalawan sêmune | sampun padha lan ratu | sri narendra ing Maospait | mojar ing Radèn Patah | sira pan sun aku | tanayaningsun dadia | Radèn Patah manêmbah maring sang aji | ngusap lêbu suku sang ||
11.201 Radèn Patah sampun antuk kardi | angawula kinulawisuda | apan jinunjung lungguhe | jinênêngakên sampun | Adipati Bintara nênggih | sinungan wong salêksa | jinajar alungguh | lan Dipati Têrung padha | arinira [130: arini...ra] anèng pagêlaran sami | liyangan kêndhaga mas ||
69–70 dari 277

 


1 Kurang satu suku kata: têmên-têmên kang mucap. (kembali)