Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11–12 dari 46
70 dari 277
691–700 dari 2.770
11.201 Radèn Patah sampun antuk kardi | angawula kinulawisuda | apan jinunjung lungguhe | jinênêngakên sampun | Adipati Bintara nênggih | sinungan wong salêksa | jinajar alungguh | lan Dipati Têrung padha | arinira [130: arini...ra] anèng pagêlaran sami | liyangan kêndhaga mas ||
11.202 tan warnanên laminira mangkin | Adipati Bintara ngandikan | ing sang nata prapta age | ana ing lêmah dhuhur | sri narendra ing Maospait | mojar maring kang putra | Adipati iku | ing Bintara lah muliha | wismanira wana ing Bintara nênggih | gawanên wong salêksa ||
11.203 gêmahêna dènira wanadri | wirayate ing sapungkur ingwang | dadi nagara agêdhe | iku têmbe anêngguh | purwanira Sêlam nagari | iya iku ing Dêmak | nênggah[1] aranipun | lamun sira anèng wisma | sabên warsa sebaa mring Majapait | yèn ing pêndhak katiga ||
11.204 Adipati Bintara ngastuti | angusapi lêbu ing suku sang | rinangkul suta janggane | ingaras dera sang prabu |[2] Adipati Bintara amit | sigra ngatag ing wadya | dhatêng kêkarutug | marakit bala salêksa | gajah jaran garbong panggrêritan asri | agya dènnya lumampah ||
11.205 tan warnanên laminira margi | sigra prapta ing wana Bintara | tumama sirèng wismane | ri sampunya puniku | dadi gêmah kadya nêgari | dhingin sabda pandhita | kaping kalih ratu | punika kang linampahan | de bupati ing Bintara wus alami | tansah brăngta ing Suksma ||
12. Asmarandana
12.001 Sigêgên lingirèng nguni | wasita lèn dyan kocapa | prajèng Kudus [131: Kudu...s] winiraos | ki gêdhe ring Kudus ika | têtiga atmajanya | samya jalu bagus-bagus | lyan ibu ri kang taruna ||
12.002 tunggil ibunya kêkalih | ri kang atuwa punika | wus samya akrama karo | atmaja graha taruna | satunggil dèrèng krama | samana pan maksih timur | wus lama pan adiwasa ||
12.003 tansah ingatag akrami | dening yayah sru lênggana | apan dahat pamopone | raosing tyas dahat mudha | ywa na mawi agraha | bwat rêncanèng ing tyasnya gung | mangkana panguningèng tyas ||
12.004 pan maksih kyèh tyas kaèsthi | kautamaning sujanma | rumaos dèrèng tuk raos | marmanya dahat lênggana | kinèn krama ing yayah | nanging ki gêdhe ing Kudus | mojar sangêt mrêdèng suta ||
12.005 lah kramaa sira kaki | ayya wèt kita anglamba | akarya ucaping ngakyèh | yen kita tan akramaa | lah kita pilihana | atmajanya wong sa Kudus | miwah lan ing Kudus ika ||
70 dari 277

 


1 nênggih. (kembali)
2 Lebih satu suku kata: ingaras de sang prabu. (kembali)