Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
26–27 dari 46
144 dari 277
1.431–1.440 dari 2.770
26.056 wong têtiga sarêng ngaji | mring Susunan Kalijaga | pan sami tunggal paguron | lawan Adipati Pajang | nanging kantun priyăngga | ya ta jiniyad ing guru | Dipati Pajang taruna ||
26.057 prasami kalangkung asih | aruntut dènnya sêsanak | Dipati Pajang karsane | Ki Agêng Ênis ngaturan | dadia panêmbahan | ing Pajang sinêpuh-sêpuh | sinung dhêkah ing Lawiyan ||
26.058 sêmana Ki Agêng Ênis | adhêdhêkah ing Lawiyan | ya ta ingkang putra karo | Ki Panjawi Pamanahan | asuwita ing Pajang | angsal pangawulanipun | pan sami kinakang-kakang ||
26.059 milane kalangkung asih | Sang Adipati ing Pajang | mring Kyagêng Ênis putrane | Ki Panjawi Pamanahan | Ki Juru katiganya | kang sami anunggil guru | lawan Adipati Pajang ||
26.060 angguru mring Sunan Kali | tan pisah tiyang têtiga | sakawan Dipati Paos | marmine kinakang-kakang | Panjawi Pamanahan | sapunika gancaripun | Ki Juru mongmong kewala ||
26.061 ucapên Ki Agêng Ênis | kang dhêdhêkah ing Lawiyan | sêmana puput jênênge | mantuk ing karamatulah | sinare ing Lawiyan | kang putra kalih winuwus | Ki Panjawi Pamanahan [258: Pamanah...an] ||
26.062 sumiwitèng Pajang olih | anglurahi wong tantama | dipati kalangkung sihe | Ki Panjawi Pamanahan | pan ingakên sudara | ingandêlakên ing kewuh | ambaurêksa nêgara ||
26.063 kala sêmana winarni | dipati dèrèng pêputra | kang dêrman akèh putrane | anênggih Ki Pamanahan | kathah atmajanira | nênggih kathahe pêpitu | kang sami jalu lêlima ||
26.064 ingkang pawèstri kêkalih | jangkêp pêpitu pinetang | tan wikan sêpuh anème | duk sêmana sinêngkalan | kang seda ing Lawiyan | rupa naga warna ratu |[1] ing Pajang lwir guladrawa ||
27. Dhandhanggula
27.001 Kang jalu gangsal èstri kêkalih | atmajanira Ki Pamanahan | kang sami jalu putrane | anênggih Radèn Bagus | lawan malih Rahadèn Santri | ingkang satunggalira | wasta Radèn Jambu | lan malih ingkang anama | Radèn Tompe lan Radèn Kadhawung nênggih | jangkêpipun lêlima ||
144 dari 277

 


Tanggal: rupa naga warna ratu (1481). (kembali)