Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
27 dari 46
146–147 dari 277
1.455–1.464 dari 2.770
| 27.016 | kang tan lila sadhèrèke èstri | arinira Susunan Prawata | mas Rêtna Kalinyamate | nêdha ukum mring Kudus | lampahira apan sarimbit | wus prapta ing ngayunan- | nira Sunan Kudus | matur Ni Mas Kalinyamat | milanipun kawula dhatêng ing ngriki | anêdha ukum tuwan || |
| 27.017 | inggih pun kakang dipun pêjahi | dene utusane Arya Jipang | inggih punapa ukume | angling Susunan Kudus | sayêktine wong utang pati | winalês pinêjahan | iku ukumipun | Ni Mas Ratu Kalinyamat | nulya mantuk wruh ujar yèn tan sayêkti | ujar sangking Susunan || |
| 27.018 | Ki Arya Jipang ngadhang ing margi | lakinipun Ni Mas Kalinyamat | kang dipun arah patine | pinêgat ing dalanggung | kinarubut sampun ngêmasi | anangis lara-lara | sira Ni Mas Ratu | dhingin tinilar ing kadang | kaping kalih mangke tinilar ring laki | apan kinaniaya || |
| 27.019 | datan mantuk ing Dêmak nagari | banjur atapa wukir satata | ing Danaraja gununge | ênggènira amangun | kasubratan amati [263] ragi | dadya tapa amuda | rema karya pinjung | sangêt ambantêr sarira | sawarnine têtilare kang sawargi | pan satata ginawa || |
| 27.020 | ni mas rêtna mangke pasanggiri | ing benjang iya ingsun asinjang | lamun wus ana belane | patine lakiningsun | atanapi sadulur mami | padha kinaniaya | sahid patini |[1] pan ingsun tan arsa sinjang | lamun durung ana sanggup amatèni | maring Si Arya Jipang || |
| 27.021 | yèn ta ana asanggup matèni | Arya Jipang pan wis ujar ingwang | ingsun ngèngèri ing têmbe | nuli ingsun apinjung | lamun Arya Jipang ngêmasi | pan salamènaneya | ingsun nora pinjung | lamon durung olih bela | ya ta muni gêntêr patrê anauri | gumêr ing awang-awang || |
| 27.022 | sêmana apan sampun alami | dènnya tapa wukir Danaraja | kalangkung dening merange | wau ta Ni Mas Ratu | Kalinyamat datan winarni | nênggih ingkang kocapa | Susunan ing Kudus | dawêgira sinewaka | dening sakathahipun para bupati | Arya Jipang nèng ngarsa || |
| 27.023 | rêrêmbagan pan agunêm sami | kang wus lalis Pangeran Prawata | lan Pangran Kalinyamate | ngandika Sunan Kudus | lah Ki Jêbèng sira sun tari | ing sapatine ika | kakangira iku | ing Prawata Kalinyamat | pan wus lawas ing mêngko pangrasa mami [264] | durung enak tiningwang || |
| 27.024 | yèn sira durung madêg nêrpati | andhèwèki ingsun durung lêga | ing tyas iya sayêktine | nanging pangrasaningsun | lamon sira madêga aji | maksih ana kang malang | wani mring sirèku | iya Dipati ing Pajang | ingkang yogya akarsa madêg nêrpati | padha kalawan sira || |
| 27.025 | watêking padha karêpe ugi | nora wande atêmah apêrang | ing Pajang lan Jipang têmbe | lan malih duganingsun | yèn ing Pajang maksiha urip | măngsa sira tulusa | dera madêg ratu | Ki Arya Jipang tur sêmbah | yèn mangkatên ing mangke ta kados pundi | ing karsa Jêng Susunan || |
146–147 dari 277
| 1 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu u: sahid patinipun. (kembali) |