Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
28 dari 46
152–153 dari 277
1.519–1.528 dari 2.770
28.013 lawan ingsun ngèngèri ing benjing | yèn ingsun kalakon | Arya Jipang kapagas murdane | lah sira yayi ingsun tangisi | amalês ing pati | mung sira kang tulung ||
28.014 pan tan ana prayogane malih | kang tulung maringong | apan ingsun tan darbe sadhèrèk | lanang mung sira asih ing mami | kang yogya matèni | mring Si Jipang besuk ||
28.015 Adipati Pajang matur aris | dhatêng ingkang êmbok | pan kawula tan purun yudane | amungsuha wong Jipang ngajurit | wong punika sêkti | prakosa atêguh ||
28.016 Ratu Kalinyamat angling aris | tanpa gawe ingong | gèn ingsun darbe sanak dhèwèke | yèn tan kênaa ingsun tangisi | dadi tanpa kardi | atinjo maringsun ||
28.017 Ki Pamanahan jawil bêbisik | punika karsèngong | jêngandika apikir samangke | rakandika tuwan samadosi | pinikir sawêngi | enjing dawêg wangsul ||
28.018 Adipati Pajang anuruti | matur mring kang êmbok | kula pikire sawêngi mangke | benjing enjing kawula abali | yèn wus angsal pikir | kawula sumanggup ||
28.019 lah kang mbok sampun kawula amit [277] | mantuk mring pakuwon | Ratu Kalinyamat andikane | alah iya yayi yèn wus olih | dènira apikir | wangsula maringsun ||
28.020 sampun mantuk sira sang dipati | maring ing pakuwon | Kyai Pamanahan tan andhèrèk | karsanira ayun mituturi | lah kakang prayogi | lamun sira kantun ||
28.021 Kyai Pamanahan sigra bali | marêk ingkang êmbok | kang parêkan tur paksi gustine | rayi dalêm ing Sêsela bali | karsane akêmit | dhatêng sang dewayu ||
28.022 Ratu Kalinyamat suka angling | adhuh ariningong | baya sira ta ana gawene | Kyai Pamanahan turira ris | kawula tur peling | mring andika ratu ||
152–153 dari 277