Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
28 dari 46
151–152 dari 277
1.508–1.517 dari 2.770
28.002 Kajêng Ratu Kalinyamat angling | turana riningong | lah warahan[1] yèn ingsun mangkene | pasthi ora kêna apêpanggih | mêngko sun manggihi | anèng jroning kubut ||
28.003 sigra mintar kang ingutus aglis | wus praptèng ing regol | sigra marêk utusan ature | jêngandika dipun andakani[2] | punika kang wêling | wau Kangjêng Ratu ||
28.004 jêngandika tan kenging pêpanggih | rakandika ngobong | ki adipati alon dêlinge [275] | sun wis wêruh kakang bok prihatin | sêdyaningsun prapti | arsa darbe atur ||
28.005 wus lumêbêt sira sang dipati | wong papat tan adoh | sampun prapta prênahe êmboke | punang utusan matur wotsari | rayindika gusti | sadaya wus rawuh ||
28.006 angandika Ratu Mas aririh | mring kang rayi alon | hèh yayi mas baya na karsane | atêtinjo maring awak mami | ya ta ki dipati | alon aturipun ||
28.007 mila kawula gêpah mariki | mirsa tuturing wong | dening andika sangêt brangtine | pan kapirsa yèn tilar nagari | tan ar atapih |[3] paran milanipun ||
28.008 yèn kenginga kawula ngaturi | ywa sangêt wirangrong | ing apêjah pan sampun pasthine | raka andika nêmahi lalis | wus karsa Hyang Widdhi | seda marga tatu ||
28.009 raka andika pan seda saksi | antuk swarga kaot | ngulari pêjah punapa malèh | Ratu Mas ing Kalinyamat angling | tarima mas yayi | dènira sung pemut ||
28.010 iya ingsun yayi nora kêni | pan wus ujar ingong | yèn ta durung kawalês patine | kakangira ingsun nora tapih | tumêka ing pati | pan wus takdir ingsun ||
28.011 sokur sira yayi praptèng ngriki | manira wong wadon | lah sira ingsun jaluk budine | kaya[4] papa gèn ingsun malêsi | mring Si Jipang iki | sira ingsun tantun [276] ||
151–152 dari 277

 


warahên. (kembali)
andikani. (kembali)
Kurang satu suku kata: tan arsa atapih. (kembali)
karya. (kembali)