Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
29 dari 46
158–159 dari 277
1.578–1.587 dari 2.770
29.019 wong punika tuhu kêras | yèn tinantang pêsthi ika nêkani | tan anganti rowangipun | lah yèn prapta priyăngga | ginagalak pêsthi ènthèng yèn minungsuh | arah ingsun kapêncila | nuli kinrubut ing jurit ||
29.020 yèn punika sampun sayah | pakanira karonana ngajurit | pasthi ika kalamon lampus |[1] lah nêdha benjang-enjang | yèn pakanira wus kadugi glaripun | amungsuh Arya Panangsang | katura sang adipati ||
29.021 sampun dènnya rêrêmbugan | tan kawarna polahira ing wêngi | enjing pan sampun awungu | samya dandan aseba | Pamanahan katiga lan putranipun | Kyai Juru atut wuntat | wus marêk sang adipati ||
29.022 pra mantri pêpêk sadaya | Sang Dipati Pajang ngandika aris | lah anata ingkang sanggup | amungsuh Arya Jipang | para mantri sadaya sami tumunggul | tan ana kang sumanggupa | amungsuh Ki Arya jurit ||
29.023 umatur Ki Pamanahan | inggih kawula kang sanggup anadhahi |[2] Dipati Jipang prangipun | sakulawarganingwang | sang dipati anjangkunga sangking pungkur | dadosa sêmang kewala | kawula ingkang ajurit ||
29.024 sampeyan sampun katingal | yèn katingal pasthi sampeyan dèn prih | yêkti wong punika purun | têguh lawan prakosa [286] | wong akathah pasthine botên kadulu | yèn tumingal ing sampeyan | pasthi sampeyan kang dèn prih ||
29.025 dipati suka tyasira | angandika aris sang adipati | alah kakang sokur sèwu | yèn pakanira dhawak | ananggupi Arya Jipang pêrangipun | kakang desa ing Mataram | aja liyan kang duwèni ||
29.026 ing mangke ta sira kakang | kadipundi gènira ambudèni | Kyai Pamanahan matur | singgih ing benjang enjang | wadya Pajang saosa gêgamanipun | nanging sampun katingalan | kawula ingkang rumiyin ||
29.027 wontên dene rena kula | kantênane nênggih ing benjing enjing | dipati suka amuwus | lah nêdha bubarêna | samya dandan sasikêping aprang pupuh | pan sampun bubar sadaya | sumurup kang sahyang[3] rawi ||
29.028 Ki Panjawi Pamanahan | lan Ki Juru samya gunêm sawêngi | Ki Juru alon amuwus | ing benjang karsaningwang | pangarite wong Jipang besuk rinuruh | sokur lamon kaparêngan | pangarite sang dipati ||
158–159 dari 277

 


Lebih satu suku kata: pasthi ika lamon lampus. (kembali)
gih kawula kang sanggub anadhahi. (kembali)
sang hyang. (kembali)