Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
29 dari 46
159–160 dari 277
1.583–1.592 dari 2.770
29.024 sampeyan sampun katingal | yèn katingal pasthi sampeyan dèn prih | yêkti wong punika purun | têguh lawan prakosa [286] | wong akathah pasthine botên kadulu | yèn tumingal ing sampeyan | pasthi sampeyan kang dèn prih ||
29.025 dipati suka tyasira | angandika aris sang adipati | alah kakang sokur sèwu | yèn pakanira dhawak | ananggupi Arya Jipang pêrangipun | kakang desa ing Mataram | aja liyan kang duwèni ||
29.026 ing mangke ta sira kakang | kadipundi gènira ambudèni | Kyai Pamanahan matur | singgih ing benjang enjang | wadya Pajang saosa gêgamanipun | nanging sampun katingalan | kawula ingkang rumiyin ||
29.027 wontên dene rena kula | kantênane nênggih ing benjing enjing | dipati suka amuwus | lah nêdha bubarêna | samya dandan sasikêping aprang pupuh | pan sampun bubar sadaya | sumurup kang sahyang[1] rawi ||
29.028 Ki Panjawi Pamanahan | lan Ki Juru samya gunêm sawêngi | Ki Juru alon amuwus | ing benjang karsaningwang | pangarite wong Jipang besuk rinuruh | sokur lamon kaparêngan | pangarite sang dipati ||
29.029 cinêkêl sinungan layang | lan kupinge pinêrung kang sasisih | kinèn matur gustinipun | pasthi yèn ika prapta | bangêt kagyat pasthi sang dipati bêndu | măngsa angantia bala | watêking wong bèr kawanin ||
29.030 sampun mufakat [287: mufa...kat] katiga | kulawarganira wus dèn undhangi | sakadang kadeyanipun | patut wadon lan lanang | sarêng prapta awêtara kathahipun | kalih atus sawarninya | punika kadange sami ||
29.031 sadalu tan ana nendra | wus raina gumuruh nata baris | Kyai Pamanahan sampun | mêdali wong têtiga | lampahira pan sami anamur laku | anjujug ing pangaritan | wong Jipang kang dèn ulati ||
29.032 wus amor lan wong akathah | nulya manggih pangarit siji mêncil | anuju pangaritipun | jaran si gagak rimang | pakathike ing wau sampun kinêpung | sigra aris tinakonan | lah rika iki wong êndi ||
29.033 kang tinanyan angling maras | gih kawula cawise sang dipati | kapal agême ngong tunggu | aran pun gagak rimang | Ki Panjawi tangginas nuli anubruk | ki pangarit datan obah | Pamanahan mèsêm angling ||
159–160 dari 277

 


sang hyang. (kembali)