Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
29 dari 46
159–160 dari 277
1.588–1.597 dari 2.770
29.029 cinêkêl sinungan layang | lan kupinge pinêrung kang sasisih | kinèn matur gustinipun | pasthi yèn ika prapta | bangêt kagyat pasthi sang dipati bêndu | măngsa angantia bala | watêking wong bèr kawanin ||
29.030 sampun mufakat [287: mufa...kat] katiga | kulawarganira wus dèn undhangi | sakadang kadeyanipun | patut wadon lan lanang | sarêng prapta awêtara kathahipun | kalih atus sawarninya | punika kadange sami ||
29.031 sadalu tan ana nendra | wus raina gumuruh nata baris | Kyai Pamanahan sampun | mêdali wong têtiga | lampahira pan sami anamur laku | anjujug ing pangaritan | wong Jipang kang dèn ulati ||
29.032 wus amor lan wong akathah | nulya manggih pangarit siji mêncil | anuju pangaritipun | jaran si gagak rimang | pakathike ing wau sampun kinêpung | sigra aris tinakonan | lah rika iki wong êndi ||
29.033 kang tinanyan angling maras | gih kawula cawise sang dipati | kapal agême ngong tunggu | aran pun gagak rimang | Ki Panjawi tangginas nuli anubruk | ki pangarit datan obah | Pamanahan mèsêm angling ||
29.034 ki lurah nêdha sêrana | sun irise kupingira sadhidhik | iya kang sasisih iku | ki pangarit saurnya | dede padu kuping kang andika jaluk | angur mundhuta karanjang | kawula dhatêng ngaturi ||
29.035 yèn mênggah kuping punika | sakalangkung kula anggêgendholi | dening wasiyat lêluhur | lan dede jêjalukan | kuping roro saiji andika jaluk [288] | Ki Pamanahan angucap | pirajine sun ilèni ||
29.036 sanadyan dika tumbasa | dèrèng tau kawula adol kuping | tan wande adamêl butuh | Ki Pamanahan mojar | angur êndi sun tuwêk lan ingsun tuku | ki pangarit kalithihan | dika tumbas yèn sadhidhik ||
29.037 pakathik sigra cinandhak | kupingira sasisih wus dinawir | ya ta Kyai Juru gupuh | sampun akarya surat | kang pakathik sampun ta sinungan wau | kang ardana gangsal wêlas | nuli kinalungan tulis ||
29.038 pakathik pan kinèn lunga | lah ta poma wêkas ngong layang iki | dèn katur marang gustimu | nuli sira muliha | kang pakathik lumayu pondhoke rawuh | akathah kang wong uninga | yèn pangarit adus gêtih ||
159–160 dari 277