Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34–35 dari 46
198–199 dari 277
1.980–1.989 dari 2.770
| 34.104 | Nyai Kidul mulat jagat êning | kang kasăngga dènira prawata | tan ana jalma wêwanèh | anging jalma kang luhung | ana ngadêg têpining tasik | Senapati Ngalaga | nanging kang kadulu | Nyai Kidul sigra mojar | baya iki kang gawe laraning tasik | antya dènira rusak || |
| 34.105 | Nyai Kidul mudhun nulya prapti | pinggir tasik sigra amangrêpa | abukuh ing palungguhe | sigra mangsah macundhuk | lawan Senapati Matawis | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | Nyai Kidul sigra prapta | Nyai Kidul mabukuh konjêm ing siti | grananira myang muka || |
| 34.106 | Nyai Kidul lingira awingit | hèh sang nata ilangêna dèn ta | aruara ing manahe | wagning sagara kidul | sakathahe isinya iki | kita adipatinya | sang nata pukulun | pan darbènira sadaya | mapan anut sakarsanira puniki | jim lawan parayangan || |
| 34.107 | tanpa gawe sira jalma lêwih | têka ngrusak gêgaweyanira | sakarsa andika angrèh | yèn [373: yè...n] sira darbe kayun | parayangan kêlawan êjim | adunên yèn apêrang | ngalahêna mungsuh | para ratu tanah Jawa | yèn sira yun sineba ing para êjim | tanah Jawi sadaya || |
| 34.108 | parayangan balanira êjim | ngalahêna mungsuhira aprang | sira dadi ratu gêdhe | bapa babuning ratu | anging sira ing tanah Jawi | Senapati Ngalaga | trêping manahipun | miyarsakkên aturira | Nyai Kidul anêrka yèn Mangkubumi | prabu tanpa sisingan || |
| 34.109 | sarupane mina ing jaladri | kang mati sampun urip sadaya | samya lêbda jiwa kabèh | Nyai Kidul gya mantuk | Senapati nulya tut wuri | tumamèng ing samodra | tan têlês ing banyu | sampun rawuh ing kadhatyan | sarêng linggih Ni Kidul lan Senapati | rarasati tinêmbang || |
| 35. Mijil | |
| 35.001 | Senapati Ngalaga ningali | têtaman kaot |[1] bale kancana saka dhomase | bale ika purwane ing nguni | mila nèng jaladri | kalane rinêbut || |
| 35.002 | dening Gathotkaca duk ing nguni | rinêbut palugon | anèng mêdyantara pangrêbute | bale runtuh tiba satêlênging | jaladri kinardi | kadhaton Ni Kidul || |
| 35.003 | apan murub ujwalaning puri | natare mancorong | pawalika natar kang ginawe | sinêbaran manik mutyara di | lan căndrakantèki | marjan krikilipun || |
| 35.004 | pagrê widuri lênglêng ramyaning | kang sasăngka [374: sasăng...ka] abyor | myang rêngga rum ning puri kênyare | halêp ning umah mas lwir murubing | langit gapuraning | unggyan Nyai Kidul || |
198–199 dari 277
| 1 | Kurang satu suku kata: têtamanan kaot. (kembali) |