Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 46
192–193 dari 277
1.912–1.921 dari 2.770
34.036 apan nyata hèh Ki Senapati | kita ingangkah atmaja tuwa | sultan gêdhe piyandêle | iku kita dèn taguh |[1] lamun sultan tumêkèng lalis | ing panjênênganira | de mangku kaprabun | yakti anak kang atuwa | anggêntosi ing panjênêngan rama ji | tan lyana saking kita ||
34.037 nadyan kathah putrane sang aji | nora na lyan kita kang atuwa | kinêmpit [357: ki...nêmpit] alit milane | kang dadi manahipun | nanging kita putra sang aji | kang dadi pangauban | sakèhe kang sunu | sultan cahya nuring rat |[2] wus angalih maring kita wus pinasthi | anggêntosi ing sultan ||
34.038 hèh Ki Senapati yèn wus olih | kita ujar ingkang tri prakara | kang dhingin wong atuwane | pindho sabdaning guru | kaping tiga dikaning gusti | mapan dadi satunggal | yêkti nora wurung | gènira jumênêng nata | nganti sangat pêlêkên marang Hyang Widdhi | kita asru brăngtaa ||
34.039 ri sampunira winêling-wêling | Senapati dhatêng ingkang paman | Juru Martani wastane | pan sampun amit mantuk | Senapati kantun alinggih | tansah kaciptèng nala | ing pituturipun | kang tinanjihakên nala | nora gingsir karsanira Senapati | nuntên kalampahana ||
34.040 datatita lingira ing nguni | kang kocapa Senapati Nglaga | nèng Mataram kadhatone | anggung mangan anginum | ing raina anutug ratri | lan mantri pamajêgan | kèhe wolung èwu | sami liwat ing Mataram | sêdya seba anrahakên bulu pêkti | dhatêng ing Sultan Pajang ||
34.041 Senapati ing Ngalaga angling | hèh sakèhe mantri pamajêgan | padha mandhêga ing kene | payo mangan anginum | sabên dina ulun puniki | anyêkêli manjangan | ngong karya [358: kar...ya] anginum | tanapi banthèng maesa | sabên dina anyêkêl kidang myang kancil | tămbra ulam paraga ||
34.042 ginulawênthah sakyèhing mantri | ingkang pantês binasanan paman | pinaman-paman basane | ingkang pantês sinunu | binasanan suta sakapti | kang pantês binasanan | kakang basanipun | kang pantês binasanan uwa |[3] mapan binasanan ing uwa kang krami | kang pantês binasan |[4]|
34.043 adhi iya binasanan yayi | datan ana kang bineda-beda | samya rinakêtan kabèh | samya ingajak nginum | samya sênggak suka anglarih | wanèh ingkang anêmbang | kêkawin angidung | akêplok sirèng badhaya | Senapati Ngalaga sukanya ngênting | lan mantri pamajêgan ||
34.044 para grahanira Senapati | samya kinèn wau ambêdhaya | age samya dhatêng kabèh | ajamang mas kêkalung | gêlang kana êmêr pamêkik | kilatbau kancana | asêngkang mas luru | apan nunggil intên mulya | ujwalanya anorakên sang hyang rawi | surêm maring ujwala ||
34.045 ambayak anăngga talam manik | mèsi punang sêkar jêjêbadan | kêkoboh[5] amrik gandane | nulya lungguh ing pangkun | saha mojar mring para mantri | pamajêgan sadaya | mami dutèng tuhu | anglisahi marang sira | amborèhi sêkare gajah anguling [359] | katrapa anèng karna ||
192–193 dari 277

 


tangguh. (kembali)
Kurang satu suku kata: sultan cahyane nuring rat. (kembali)
Lebih satu suku kata: kang pantês binasan uwa. (kembali)
Kurang satu suku kata: kang pantês binasanan. (kembali)
kêkonyoh. (kembali)