Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 46
192–193 dari 277
1.918–1.927 dari 2.770
34.042 ginulawênthah sakyèhing mantri | ingkang pantês binasanan paman | pinaman-paman basane | ingkang pantês sinunu | binasanan suta sakapti | kang pantês binasanan | kakang basanipun | kang pantês binasanan uwa |[1] mapan binasanan ing uwa kang krami | kang pantês binasan |[2]|
34.043 adhi iya binasanan yayi | datan ana kang bineda-beda | samya rinakêtan kabèh | samya ingajak nginum | samya sênggak suka anglarih | wanèh ingkang anêmbang | kêkawin angidung | akêplok sirèng badhaya | Senapati Ngalaga sukanya ngênting | lan mantri pamajêgan ||
34.044 para grahanira Senapati | samya kinèn wau ambêdhaya | age samya dhatêng kabèh | ajamang mas kêkalung | gêlang kana êmêr pamêkik | kilatbau kancana | asêngkang mas luru | apan nunggil intên mulya | ujwalanya anorakên sang hyang rawi | surêm maring ujwala ||
34.045 ambayak anăngga talam manik | mèsi punang sêkar jêjêbadan | kêkoboh[3] amrik gandane | nulya lungguh ing pangkun | saha mojar mring para mantri | pamajêgan sadaya | mami dutèng tuhu | anglisahi marang sira | amborèhi sêkare gajah anguling [359] | katrapa anèng karna ||
34.046 mantri pamajêgan mangrêpa jrih | aningali marang grahanira | dening rumakêt basane | palungguhe abukuh | samya ngrêpa konjêm ing siti | mukanira punika | ambêg manah sadu | wadya wus ambapa biyang | panarkane mring Senapati Matawis | tuhu taman kumêdhap ||
34.047 Senapati ing Ngalaga angling | hèh samitra ulun kabèh sira | aja taha-taha kabèh | apan sajroning nginum | pan sumăngga ulun ing rabi | ing sajawining rahsya | wayahe wong nginum | nadyan tumêka ing prana | yèn sira yun kawinên maring ing masjid | khalal ulun pan suka ||
34.048 mantri pamajêgan pinisalin | sadaya sami abusana |[4] kalawan sapêpantêse | balongsong punang kampuh | pan kuluknya samya barêci | sabuk cangap rinêngga | sarta lawan dhuwung | sami kandêlan kancana | abra murub panganggening para mantri | kang kinulawisuda ||
34.049 acalana cindhe tanu èsthi | pinarêmas ing parada papan | gêbyar-gêbyar lwir thathite | yèn winingkis kang kampuh | pan kasilir maruta mirir | kadya ta kinêpêtan | sumrah raganipun | karaos ing kanikmatan | salamine dèrèng suka kadi mangkin | duk anèng pamajêgan ||
34.050 mantri pamajêgan anganjali | padha ngrêpa [360] tumungkul sadaya | abungkuh ing palungguhe | dening dibya atakut | rêtna wadu widêgdèng lungid | ya măngka dananira | arêmên dinulu | tate kinudang ing prana | pan kawratan sura lêgawa ing krami | aglar tanpa sisingan ||
34.051 Senapati ing Ngalaga ênting | suka mulat mantri pamajêgan | dan sampun pranata kabèh | kapyajêjêl supênuh | wus anarka yèn ngêndhih jurit | sirnane Sultan Pajang | mapan kapyatuhu | ramping aramping ing tanggap | kêdhap sasmita satata dèn ulati | kang sinêmbah Ngalaga ||
192–193 dari 277

 


Lebih satu suku kata: kang pantês binasan uwa. (kembali)
Kurang satu suku kata: kang pantês binasanan. (kembali)
kêkonyoh. (kembali)
Kurang satu suku kata: sadayanya sami abusana. (kembali)